Kisah Inspiratif

Sayuti Anggoro, Seniman lan Praktisi Panatacara
Dadi Dosen Unnes Snajan Ora Nyandhang Gelar S2.


Pasca Wawncara Narasumber ( Bapa Sayuti Anggoro, BA)

Dadi seniman lan praktisi kuwi mbutuhake proses kang ora gampang, musthi ana wae alangane,  wektu kang ora kaetung suwene kanggo terus ngasah keprigelan bab kuwi, tur aja gampang puas marang kasil. Nanging, kabeh bab kuwi kudu dilakoni kanthi rasa tresna, sebab yen bab apa wae diwiwiti saka rasa tresna musthi bakal tenanan nglakoni sekabehane. Kuwi gaya basane Bapa Sayuti Anggoro, BA kang lair ing Pacitan, 21 Februari 1956, wektu di wawancara dina Minggu, 19 Juni 2016 ing daleme ana ing Dhusun Ngijo, Gunungpati, Semarang.

Panjenengane kang akrab di sapa Bapa Sayuti kuwi nduweni Kaprigelan pirang-pirang, salah sijine dadi praktisi panatacara kondhang, dalang wayang kulit, nduweni paguyuban WO (Wedding Organization) Anggoro Laras, paguyuban pakar jawi kang saben dina Rebo wengi ana gladhen panatacara ing daleme bapa Sayuti, lan liya-liyane. Donya bab seni lan budaya jawa kuwi ora bisa ucul saka kauripane bapa Sayuti saben dinane, amarga seni lan budaya jawa kuwi kayata wis dadi garwa nomer loro sakwise ibu Sri Indarti. Panjenengane kuwi uga janji bakal terus nguri-uri bab seni lan budaya jawa, merga ing jaman saiki mung sithik kang remen lan nduweni semangat gedhe kanggo nguri-uri marang seni lan budaya Jawa.

Bapa Sayuti Anggoro kuwi saliyane dadi seniman lan praktisi panatacara, panjenengane uga dadi dosen luar biyasa ing Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Universitas Negeri Semarang. Sapa ta mahasiswa Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa kang ora kenal karo Dosen Kang jenenge Bapa Sayuti Anggoro, BA. Snajan bapa Sayuti kuwi namung lulusan D3 jurusan Bahasa Inggris ing UNTAG (1982 – 1985), nanging gelar D3 kuwi ora ngalangi bapa Sayuti dadi Dosen luar biyasa ing Unnes. Apa ta sebabe ? sebabe ya seni lan budaya jawa kuwi, kang wis nganterake bapa Sayuti dadi dosen luar biyasa. Bapa sayuti dipercaya dening Unnes dadi dosen luar biyasa wiwit taun 2009 – saiki. Kepercayaan kuwi di wenehi saking Unnes marang bapa Sayuti ora gampang. Ana proses kang kudu diadepi kanthi sabar. Ananging merga ing masarakat sekitar Unnes lan masarakat Jawa Tengah uga yakinake lan wis mbuktikake yen bapa Sayuti kuwi pancen wis mlebu kriteria tur cocok kanggo dadi dosen luar biyasa ing Unnes, mligine ing Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa.

Snajan saiki wis dadi dosen ing Unnes, nanging ora ndadekake lunture tujuane kanggo nguri-uri seni lan budaya jawa. Bapa sayuti saiki malah sansaya sregep gladhen bab seni pedhalangan, asring dadi pambiwara ing RRI Semarang bab seni lan budaya jawa, asring dadi panatacara ing adicara mantenane masarakat, nanging tetep ora ninggalake kuwajibane dadi dosen lan mulang marang para mahasiswane. Bapa Sayuti kang nduweni motto urip “berguna marang sesama” kuwi uga ngungkapake yen urip kuwi salah sijine kudu nyenengi marang apa kang wis di duweni saiki, tur yen esih nduweni wektu, nduweni kesempatan kanggo nglakoni kebecikan apa wae, kudu lakoni sing ikhlas tur tenanan. Imbuhe. 

avatar
AUTOR: FIAN MT
I'm just a beginner blogger who tried to learn things related to coding which always appears in front of the eye

0 Comments

Diberdayakan oleh Blogger.