No Comment

Artikel Babagan Blangkon (panutup sirah)



Blangkon iku sajinis panutup sirah kanggo wong priya sing kagawé saka bahan kain bathik utawa lurik. Blangkon sejatiné wujud modhèrn lan praktis saka iket. Ing busana tradhisional adat Jawa lan adat Sundha blangkon dianggo minangka pasangan karo busana beskap. (miturut Wikipedia).
Ing jaman modern iki blangkon ono ing masyarakat Yogyakarta khususe gunungkidul uwes mulai ilang seka pikiran masyarakat. Blangkon seng uwes suwe dadi budaya warga jawa iki, mulai kegiles karo topi-topi seng dadi trend ing kalangan mudha-mudhi.

Ana sawetara jinis blangkon miturut adat ing papan panggonan tinamtu. Jinis blangkon antara liyane :
1.    BlangkonSala,sakabahanbathikoranganggomondholan(trèpès).
2.    Blangkon Yogya, nganggo mondholan.
3.    BlangkonKedhu.BlangkonBanyumas.
4.    Blangkon Sundha, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan.

Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburiné blangkon, makili modhèl rambut priya sing kerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhèl trèpès, iku wujud sing umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya Yogyakarta, amarga akèh-akèhé priya saiki arambut cendhak. Modhèl trèpès iki digawé kanthi njait langsung mondholan ing bagéan mburi blangkon. Saliyané saka suku Jawa , ana uga sawetara suku sing migunakaké panutup sirah sajinis blangkon nanging béda wujudé, yaiku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan sapanunggalané. (Wikipedia)

Ing Daerah Istimewa Yogyakarta netapke dina blangkon saben minggune. Umpamane dino setu dadi dina blangkon, dadi saben dina setu bocah-bocah sekolah padha nganggo blangkon, awit saking siswa SD, SMP, SMK, lan SMA. Dadine para pelajar ing kutha Yogyakarta duwe kekhasan karo kutha-kutha liyane. 
No Comment

Geguritanku Kangge Panjenengan



Dadia Guruku

Lakumu lan tumindhakumu kuwi
Dadia conto kanggo tiyang sanes
Becik lumakumu
Sae pituturmu
Bakal disawang dening tiyang sanes
Dadia guruku
Guru kang luhur tumindhake


16-10-2015




Kembang Mlathi

Arum ambumu
Sae rupamu
Dadi pralambang sucining diri
Kembang mlathi
Kembang kang suci
Kembang kang endah
Pepujanging para dhewa dhewi khayangan
Kembang mlathi
Bekti sucimu
Luhur budhimu
Dadia pitutur uripku



Perpus pusat Unnes, 16-10-2015
No Comment

Bebrayan Jawa Diwernani Mistik (Nyinaoni Elmu Jawa)


Wiwit jaman kawuri bebrayan Jawa diwernani mistik
Wong Jawa kang ateges manungsa kang lair utawa urip ing tanah Jawa lan kenthel diwernani kabudayan Jawa tansah nyoba ngudi larase utawa harmoni antarane jagad gedhe (makrokosmos) lan jagad cilik (mikrokosmos).
Kanggo nggayuh iku, wong Jawa duwe srana laku kebatinan utawa ritual mistik kejawen kanggo nemokakake rasa sejati ing sajroning pangumbarane sukma. Laku kebatinan utawa ritual mistik kejawen iku tumrap saperangan warga bebrayan isih nuwuhake pradondi. Ana saperangan warga bebrayan kang ngarani yen laku kebatian utawa ritual mistik kejawen iku ora salaras kalawan majune jaman saiki, ora laras kalawan logika, lan akeh kang mbiji laku mistik kejawen iku ora salaras kalawan ajaran agama.
Kayadene terminologi dhasar ing laku mistik kejawen kang sinebut keblat papat lima pancer lan manunggaling kawula gusti wiwit jaman kawuri wis nuwuhake pamawas kang beda-beda. Lumantar buku Mistik Kejawen, Sinkretisme, Simbolisme dan Sufisme dalam Budaya Spiritual Jawa, weton Narasi, Yogyakarta, Suwardi Endraswara njlentrehake bedane panemu lan pitakonan kang gegayutan kalawan ritual mistik kejawen.
Ing buku kang wis kacithak kaping papat wiwit babaran sepisanan ing taun 2003, panganggit, Suwardi Endraswara, uga njlentrehake piwulang-piwulang filsafati lan wejangan mistik saka para tokoh kang wis dadi legenda. Antarane yaiku Syeh Siti Jenar, Ki Ageng Soerjamentaraman, Syeh Amongraga lan Sunan Kalijaga.
Ing wiwitan buku, dijlentrehake asal usule kejawen. Miturut andharan ing buku iki asal usul kejawen kawiwitan saka tokoh misteri aran Sri lan Sadono. Sri iku panjilmane Dewi Laksmi, sisihane Dewa Wisnu lan Sadono iku panjilmane Wisnu dhewe.
Dewi Sri lan Wisnu iki, miturut andharan ing Tantu Panggelaran pancen tau diprentah mudhun ing ngarcapada lan dadi leluhure manungsa ing tanah Jawa. Dewi Sri nitis marang Dewi Candrakirana saka krajan Daha. Dene Sadono nitis dadi Raden Panji.
Saka crita mula bukane manungsa Jawa adhedhasar crita ing Tantu Panggelaran iku wis nuduhake yen wiwit jaman kawuri bebrayan kejawen pancen akeh ngugemi lan cedhak kalawan mistik. Laku lan paugeran mistik wis ajur-ajer kalawan urip lan panguripane wong Jawa.
Mistik Sri lan Sadono iki ing tradhisi kejawen sabanjure ninggalake keyakinan lan tradhisi patung cilik aran Lara Blonyo. Dene piwulang lan paugeran kuna kang dadi pathokan kang raket gandheng cenenge kalawan mistik Sri-Sadono yaiku falsafah Ajisaka.
Ajisaka ateges cagak utawa saka guru kang nyangga lan ndadekake santosane jiwa manungsa, yaiku religiusitas. Religiusitas Jawa ora liya mistik kejawen. Mistik kejawen mujudake saka guru urip lan panguripane kejawen. Karana iku, kejawen tanpa mistik ateges ora sampurna kejawene. Kejawen lan mistik wus nyawiji dadi wujude religi mistik kejawen.
Kejawen lelandhesan crita Sri-Sadono dianggep makili jaman nalika manungsa Jawa isih bodho. Nalika Ajisaka tumeka ing tanah Jawa, bebrayan Jawa ngancik dadi bebrayan kang duwe ngelmu. Ya Ajisaka iki kang sabanjure dadi saka guru ngelmune wong Jawa. Ajisaka didunungake minangka tokoh kang mulangake kejawen ndeles utawa asli.
Bebrayan kejawen kang maneka rupa lan warna, ngasilake maneka warna golongan lan tradhisi ing panguripane wong Jawa. Malah ing sanjerone akeh paguyuban-paguyuban kang tansah ngrembug alam uripe. Paguyuban-paguyuban iku luwih asipat mistis lan adhedhasar konsep rukun. Pawitan dhasare komunitas iki mung arupa tekad lan niat kang padha kanggo nguri-uri tradhisi leluhur. Saben tlatah kejawen uga duwe paugaren mligi. Saben tlatah duwe kosmogoni lan mitos dhewe. Mitos-mitos ing saben tlatah kejawen iku ana kang didadekake keblating urip, dipuja lan disuyuti sarta didunungake ing papan kang mligi ing jagad uripe.
Wong Tengger ing Jawa Timur duwe falsafah mistik dhewe. Wong Banyuwangi uga duwe legenda gegayutan mula bukane kutha Banyuwangi. Bebrayan Ponorogo duwe sesanti mistik, yaiku aja ngaji ing pondhok, ngajia ing Ponorogo. Samono uga ing tlatah Yogyakarta. Nganti saiki wong Yogyakarta isih percaya yen Kangjeng Ratu Kidul iku wujud keyakinan mistike Panembahan Senapati.
Nalika nglakoni tradhisi kejawen, wong Jawa tansah ngugemi budaya leluhur kang asipat turun temurun. Karana iku kanthi sadhar apa ora, wong Jawa tansah mumpangatake karya sastra leluhur minangka pondasi uripe. Karya sastra iku kayadene Babad Tanah Jawa, Serat Centhini, Mahabarata, Serat Wedhatama lan liyane kang tansah mernani maneka rupa tradhisi kejawen kang urip nganti saiki.
Tradhisi kejawen uga asipat lentur lan akomodatif, saengga bisa nampa keyakinan asumber liya. Kejawen bisa nampa ajaran agama Hindu, Budha, Islam, Kristen kang diracik kanthi mentes ing paugerane wong-wong abangan. Abangan mujudake perangan religiusitas Jawa kang asli.
Akeh pepundhen Jawa kang sugih pengalaman mistik
Wong Tengger ing Jawa Timur duwe falsafah mistik dhewe.
Wong Banyuwangi uga duwe legenda gegayutan mula bukane kutha Banyuwangi. Bebrayan Ponorogo duwe sesanti mistik, yaiku aja ngaji ing pondhok, ngajia ing Ponorogo. Samono uga ing tlatah Yogyakarta. Nganti saiki wong Yogyakarta isih percaya yen Kangjeng Ratu Kidul iku wujud keyakinan mistike Panembahan Senapati.
Nalika nglakoni tradhisi kejawen, wong Jawa tansah ngugemi budaya leluhur kang asipat turun temurun. Karana iku kanthi sadhar apa ora, wong Jawa tansah mumpangatake karya sastra leluhur minangka pondasi uripe. Karya sastra iku kayadene Babad Tanah Jawa, Serat Centhini, Mahabarata, Serat Wedhatama lan liyane kang tansah mernani maneka rupa tradhisi kejawen kang urip nganti saiki.
Tradhisi kejawen uga asipat luwes lan akomodatif, saengga bisa nampa keyakinan asumber liya. Kejawen bisa nampa ajaran agama Hindu, Budha, Islam, Kristen kang diracik kanthi mentes ing paugerane wong-wong abangan. Abangan mujudake perangan religiusitas Jawa kang asli.
Sarujuk apa ora, Syekh Siti Jenar wis mernani jagad mistik kejawen. Mistik kang diwulangake dening Syekh Siti Jenar pancen nuwuhake pradondi nganti tumeka saiki. Apamaneh nalika dheweke ngrembug babagan Gusti Kang Maha Kuwasa lan babagan pati.
Ana saperangan bebrayan nganggep piwulang mistik saka Syeh Siti Jenar kalebu kaku, mistike akeh sing landhep dudu sing alus. Ana uga bebrayan kang ngecap yen dheweke iku nganut ajaran kang ora bener, nerak paugeran agama Islam kang disebarake para Walisanga.
Tokoh mistik kejawen Ki Ageng Soerjamentaraman kalebu paraga mistik kejawen kang prasaja. Pengalaman uripe kebak mistik. Uripe kang prasaja sejatine uga perangane mistik. Kekaremane ngumbara, nyepi lan nekani papan-papan kang wingit uga mujudake laku mistik kang asipat implementatif.
Ki Ageng Soerjamentaraman asale saka njeron beteng (wewengkon Karaton), yaiku putrane Sri Sultan Hamengkubuwono VII lan BRA Retnomandojo. Pengalaman mistike kabelu ngedab-edabi. Uripe kebak laku lan prihatin. Karana iku ing sawijining wektu dheweke mbatin,”Seprana-seprene aku kok durung tau kepethuk wong”.
Dene tokoh mistik Syeh Amongraga kang ora liya putrane Sunan Giri, ing uripe akeh nyinau agama Islam kang kebak tasawuf. Amongraga sinau agama Islam ing pesantren Karang Banten, gurune Syeh Ibrahim bin Abu Bakar. Kridhane ngudi ngelmu tasawuf iku kang ndadekake dheweke antuk ngelmu kejawen, yaiku campuran antarane Islam lan Jawa, kondhang sinebut ngelmu tuwa.
Saka Walisanga, Sunan Kalijaga mujudake wali kang dadi pepunden ing bebrayan Jawa. Nalika nglakoni kuwajibane minangka wali, Sunan Kalijaga bisa migunakake cakrik dakwah cara estetik-sufistik. Sunan Kalijaga kasil ngemonah mistik kejawen saengga katon alus.
Ing babagan ngibadah, Sunan Kalijaga ngripta jeneng panakawan ing wayang kulit purwa. Semar saka tembung Arab simaar utawa ismarun, tegese paku kang ngadhut filosofi piranti kanggo nancepake barang supaya kuwat, ora mingkuh lan kenceng. Nala Gareng saka tembung Arab nala (nampa) kang ing Basa Jawa ateges ati lan khairan (tumindak kang apik).
Petruk saka tembung Arab fatruk (tinggalna), yaiku tinggalna samubarang kang ala utawa nahi munkar. Lan Bagong saka tembung Arab baghoo, tegese nimbang antarane rasa lan pikir, antarane sing ala lan sing apik, antarane sing bener lan sing kleru.
Saliyane ngandharake para paraga mistik kejawen kang menjila kayadene Syeh Siti Jenar, Ki Ageng Soerjamentaraman, Syeh Amongraga lan Sunan Kalijaga, panganggit buku, Suwardi Endraswara, uga njlentrehake maneka laku lan tata cara ing jagad mistik kejawen.
Semedi mujudake rodhane mistik. Ing semedi iki nglibetake rasa kang sejati. Ngelmu rasa sejati iki bisa kagayuh kanti eneng, ening, enung lan nir ing budi utawa suwung. Laku iki kang sinebut semedi, yaiku nyepi, mati raga, mesi raga saengga kuwawa nemokake Gusti Kang Maha Kuawasa ing atine utawa rasa pangrasane.
Laku tapa mujudake mesin mistik. Tapa kang dikarepake yaiku tata cara urip kang tansah diwernani laku-laku spiritual kayadene tapabrata, tirakat, ngurang-ngurangi lan laku liyane. Laku tapa iki dilakoni kanthi cara mutih, nglowong, ngepel, ngebleng lan sawenehing laku tapa liyane.
Tata cara ing mistik kejawen liyane yaiku ngraga sukma. Ngraga sukma ing mistik kejawen mujudake laku kanggo nggayuh kasunyatan. Ngraga sukma utawa mati sajroning ngaurip uga mujudake dalan lempeng tumuju Gusti Kang Maha Kuwasa. Karana iku ngraga sukma kagolong pengalaman kang asipat subyektif. Wusanane, mistik kejawen diakoni apa ora pancen dadi perangan uripe bebrayan Jawa. Laku mistik apadene kapercayan mistik tuwuh, ngrembaka lan dileluri jumbuh kalawan uripe kabudayan ing bebrayan Jawa. Pradondi kang tuwuh ora mahanani matine mistik kejawen.
No Comment

Duwe Gawe Mantu (Mantenan) Adat Jawa Tengah

   Tembung mantu, manten, panganten, iku kerep keprungu. Nanging apa ta tegese? Kabeh mau padha apa ana bedane? Kaperluan utawa duwe gawe  diarani mantu, jalaran nikahake (mala kramakake, ndhaupake,  miwaha, njodhokake, ngijabake) anak kang mujudake kuwajibane wong tuwa (darmaning asepuh) sing wis suwe diantu-antu, diarep-arep, direrancang,  digegadhang, digantha-gantha. Ngono mau yen olehe mantu ora dadakan utawa kesusu merga “tabrakan”. Merga wis dirancang setaun utawa setengah taunan sadurunge, mula gethakaning dina lan tanggal sarta jam pisan wis dieling-eling, satemah diantu-antu tekane. Wonge sing duwe gawe iku dadi mantu (wong mantu). Ningkah mujudake lelakon kang sakral lan suci ing sajroning bebrayan sawijining wong. Mula saka iku kalakone ana sawetara tataran. Tataran-tataran sajroning upacara ningkah ana telung warna. Sepisan upacara sadurunge mantu, kapindho upacara tempuking gawe, lank aping telu upacara sauwise tempuking gawe.

A. Upacara Sadurunge Mantu
Lumrahe saiki upacara sing tumindak ing masyarakat mung nalika tempuking gawe, iku wae ora komplit. Mangka miturut tata cara kuna, upacara ing sadurunge mantu iku uga ana, malah akeh, kayata:

1. Nyalari
Carane wong tuwane bocah lanang kongkonan marang wong pinitaya kang uga wis tepang karo wong tuwane prawan kang arep disalari. Mula tugas nyalari mau uga kasebut dom sumuruping banyu (laku samar).

2.Nontoni
Menawa nyalari mau ditampa becik ateges si prawan isih sela lan wong tuwane sarujuk, wong tuwane bocah lanang banjur medhayoh menyang omahe si prawan, saperlu weruh kaya apa lan sepira ta bocah kuwi. Yen bocahe lanang bisa diajak bisa uga ora diajak. Nalika sing tuwa padha jagongan, si prawan didhawuhi ngladekake suguhan, ing kono tamu maspadakake (nontoni) bocah iku kanggo tetimbangan jodho apa ora. Yen perlu diajak omong-omong.

3. Nglamar
Yen asile nontoni ketemu becik, wong tuwane bocah lanang  dhewe utawa kongkonan utusan wong loro utawa telu medhayoh ing omahe wong tuwane bocah wadon mau saperlu resmi nglamar. Tembunge ‘ngebun-ebun enjang anjejawah sonten’ (wangsalane: bun esuk= awun–awun; udan sore = rarabi batangane = nyuwun rabi). Anggone waleh tamu mau cablaka: “ Yen wonten keparengipun Bapak-Ibu X, putra-putri panjenengan ingkang sesulih gendhuk Y badhe kula suwun, kula jodhokaken kaliyan anak kula jaler pun Z.” Wangsulane  wong tuwane bocah wadon: “ Matur nuwun, dene panjenengan ngayunaken anak kula estri. Sanes dinten mangke badhe wonten utusan sowan mrika atur wangsulan.”

4. Wangsulan
Wong tuwane bocah wadon kirim utusan medhayoh menyang wong tuwane jejaka sing nglamar mau, aweh wangsulan panglamare ditampa apa ora. Nalika nglamar tamune nggawa oleh-oleh saka ketan (lemper, wajik, jadah lan rengginan) kanthi pangajab sesambungan dadi raket ora buyar. Yen utusan sing aweh wangsulan iki oleh-olehe uga saka ketan, iku pralambang wangsulane ditampa.

5. Pasok Tukon lan Pepacangan
Sarehne lamaran wis ditampa, upacara candhake ana rombongan utusane wong tuwane bocah lanang medhayoh pasok tukon, awujud dhuwit (lumrahe yen akeh disebutake, yen mung sethithik ora dikandhakake, utawa manut dhawuhe sing utusan), sandhangan sapengadeg kanggo si prawan, lan oleh-oleh. Ing kalodhangan iki si Y dipacangake karo si Z, mula ing jaman saiki lumrah sinartan upacara liron kalpika (tukar cincin).

6. Pasrah calon Manten/ Nyantri
Nyantri mujudake tradhisi kang ditindakake dening calon manten kakung. Manut tradhisi sadurunge upacara ijab ditindakake, calon manten lanang kudu dipasrahake marang wong tuwane calon manten wadon. Sawise ditampa banjur dititipake ing omahe salah sawijining sedulur utawa tanggane calon manten wadon supaya bisa nindakake upacara sabanjure.

7. Pasang Tarub
Ing omahe calon nganten wadon, kira-kira 3 dina ngarepake tempuking gawe, dipasangi tratag lan tarub. Wujude tarub yen biyen kudu nganggo bleketepe yaiku suwir-suwiran janur kuning, ing kiwa tengening korining tarub dipasangi tundhunan pisang raja, tebu wulung, gegodhongan mancawarna, lan godhong apa-apa, lan ora lali cengkir gadhing lan godhonng waringin. Kabeh mau bisa diwaca dadi ukara bilih blakane nyuwun sumawuring nur Illahi kanthi pangajab penganten bisa kaya dene raja lan prameswarining nata kang nduweni antebing kalbu lan kencenging piker, anane rubeda mancawarna tetep ora kurang sawiji apa, dene sing padha jagong sing keri (durung mantu utawa during dadi manten) padha kepengin.

8. Siraman
Ing tarub iku ana perangan sing disedhiyakake kanggo papan siraman calon nganten wadon. Siraman lumrahe katindakake wayah sore bakda kendhuri tarub. Dene siraman kanggo calon nganten lanang uga bareng wektune, nanging papane pisah, yaiku ing pondhokane calon nganten lanang. Sadurunge upacara siraman, calon manten sungkem marang bapa biyunge.



B. Upacara Tempuking Gawe

1. Sajen warna-warna
Sanajan saiki wis akeh sing ora nindakake, amarga ora laras karo piwulang agama lan nalar ilmiah, perlu kawuningan bilih miturut cara kuna, wong Jawa sing duwe gawe mantu wajib gawe sajen utawa pasang sesaji warna-warna. Sing baku bakda pasang tarub, ing ndhuwur tarub disajeni pisang raja setangkep (pisang sanggan tarub), iki kena dilorot bareng karo pambungkare tarub. Gunane sejatine kanggo buwahe sing mbubrah tarub. Dene sesajen sing akeh dhewe: brekatan lan ambengan kendhuri tarub, ndongakake siraman manten supayane mantene sesuk rancag, slamet, lan ora kurang sawiji  apa. Sajen  tumpeng robyong uga dipasang ing pedharingan (senthong tengah), sajen kanggo  kembar mayang, sajen tumpeng mancawarna cilik-cilik kanggo buwangan mubeng desa (dalan mlebu desa, kreteg, buk, prapatan, pratelon, lsp.) werdine iku publikasi menawa duwe gawe mantu. Mula saiki ana sing duwe panemu, lha wong wis nyebar ulem, rak publikasi sajen buwangan kuwi ora perlu, awit mboborosi. Yen pancen mantep ngono, sumangga.

2. Nebus Kembar Mayang
Kembar mayang utawa Kalpataru sepasang kang aran Dewadaru lan Janadaru minangka srana (sajen tuwuhan) kanggo dhauping panganten. Saiki sing gawe lumrahe Pak Kaum (utawa sapa sing didhawuhi Pak Kaum). Sawise kembar mayang dadi ana upacara nebus kembar mayang. Dene reracikaning upacara mangkene:  Sing duwe gawe mintasraya marang piyayi sepuh  sing ing upacara iki dijenengi Ki Wasitajati, supaya ngupaya sekar mancawarna (kembar mayang) minangka srana dhauping putra. Ki Wasitajati nuli mangkat. Tekan nggone sing gawe kembar mayang (ya ing papan saomah kono wae) sing ing upacara iki aran Ki Kumarajati, Ki wasitajati takon ngendi ana kembang mancawarna kanggo srana dhauping penganten? Ki Kumarajati mangsuli yen dheweke duwe, nanging kudu nganggo tebusan. Sawise utusan ngulungake tebusane, kembar mayang diulungake lan kaboyong dening pandhereke Ki Wasitajati (yen Ngayogya ibu-ibu sepuh, yen ing Sala putrid-putri enom) dipapanake ing ngarep pedharingan (senthong tengah). Jaman saiki kembar mayang nuli dipasang ing pedharingan dening sing gawe dhewe (tanpa ana upacara nebus).

3. Midadareni
Bengi ngarepake tempuking gawe (malem ijab) nganti tengah wengi diarani malem midadareni utawa widadaren, awit dipercaya minangka wektu temuruning widadari. Tegese (a) manten wadon dicicil dipaesi (dikerik, dilulur, rambut diratus, lsp.) supaya dadi ayu kaya widadari tumurun lan (b) ana widadari tumurun tenan (juru paese) kang ndadani manten (nganti sesuke ayu mangling kaya widadari tenan). Upacara iki dipirid saka crita Jaka Tarub, sing nalika maesi Nawangsih anake, ngundang widadari Nawangwulan bojone, supaya maesi anake wadon iku, dadi memper widadari. Wujude upacara midadareni para sepuh padha tirakatan lan juru paes nyicil maesi kaya kasebut ing ndhuwur. Kanggo cagak lek bisa dianani macapatan lan sarasehan. Dipungkasi tengah wengi ana upacara Majemukan, yaiku ngrencak sajen kanggo dhahar bengi tumrap sing padha tirakatan iku. Kuwi  mau cara biyen. Dene saiki, midadareni ya mung ketemu sakulawarga, sore (jam wolunan) udakara sakjam banjur dhahar lan bubar, merga olehe maesi manten sesuk-esuk wae. Ateges kaya ora ana midadareni, mundhak marahi sayah lan ngantuk.  
Cathetan: “yen biyen, sadurunge midadareni iki, yen manten nglangkahi kakang utawa mbakyune, diarani upacara plangkahan. Yen saiki, sing baku tembunge (pratelane) bilih kakang utawa mbakyu mau nglilani kanthi ekhlas adhine ndhisiki dadi manten.

4. Ijab utawa Akad Nikah,
Sejatine Ijab iki sing paling pokok, awit ya upacara iki sing ngabsahake jejodhoan miturut ukum agama lan negara saengga lanang wadon duwe layang nikah sah. Upacara bisa ditindakake ing KUA (Kantor Urusan Agama) uga bisa ditindakake ing ngomah, kang banjur disambung karo upacara adat sing baku dhewe, yaiku panggihing temanten.

5. Panggih (Temuning Penganten)
Sing baku manten lanang teka ing ngarep tarub, manten wadon methukake. Kembar mayang sing diboyong saka njero (ngetutake manten wadon) disamplukake manten lanang, banjur dibuwang ing prapatan utawa pratelon sing cedhak. Banjur ana rerangkening upacara panggih yaiku:
a. Balang-balangan gantal / sadak
Suruh isi gambir lan injet dilinting ditaleni benang lawe putih kanggo baling-balangan manten lanang lan wadon. Cacahe gantal ana 7, sing 4 dicekel sing wadon (gondhang kasih), sing lanang kebagean 3 (gondhang tutur), banjur kanggo balang-balangan mbaka siji. Werdine: baling-balang katresnan. Suruh lumah lan kurepe beda, nanging rasane padha, dadi lanang lan wadon iku beda nanging padha tresnane.
b. Mecah Antiga
Antiga utawa endhog pitik kampung sing isih mentah, dening ibu juru paes disenggolake bathuke manten lanang lan manten wadon, banjur dibanting nganti pecah. Werdine: pecahing wiji priya lan wanita kang bakal mbabarake turun.
c. Mijiki Sikil
Manten wadon mijiki manten lanang nganggo banyu setaman sing diwadhahi bokor utawa pengaron cilik. Werdine: wong wadon setya bekti marang sing lanang.
d. Kanthen Asta
Yen ana wong loro napak pasangan (rakitan sapi utawa kebo) banjur lagi kanthen asta(gandhengan) nganggo jenthik tangan kiwa (lanang) lan jenthik tangan tengenn (wadon) nuli bebarengan mlaku tumuju ing dhamparing penganten. Werdine:  wis resmi dadi pasangane lan banjur bebarengan nyanggemi kewajiban
e. Tampa Kaya (Kacar-kucur)
Tekan dhamparing panganten, manten lanang ngesok kaya ing kacu gedhe neng pangkone manten wadon. Werdine; wong lanang wajib aweh kaskaya (rejeki) marang sing wadon kanggo kabutuhane bale wisma.
f. Dhahar Walimahan
Sing lanang ngepel sega isi lawuh telung kepelan, mbaka siji diwenehake sing wadon ditampani ing piring, banjur dipangan (telu pisan sethithik-sethithik) disawang sing lanang. Werdine: ngecakake kaskaya kanggo karaharjaning kulawarga.
g. Sungkeman
Manten lanang lan wadon urut-urutan sungkem marang bapa biyunge lan maratuwane. Werdine: wajib bekti marang wong tuwa  lan mara tuwa.


C. Sawise Tempuking Gawe
Yen saiki wong tuwane manten lanang arep ngundhuh sepasaran apa ora, kari manasuka, marga wigatining sedya mantu wis rampung. Nanging yen biyen bakda tempuking gawe (ijab lan panggih) iku isih ana upacara sawetara yaiku:

1. Sapasaran
Kanthi kenduri ing papane manten wadon. Sadurunge iku mbubrah tarub lan jenang sungsuman lan ora ana upacara, ya mung ditindakake ngono wae.

2. Ngundhuh Sepasaran lan Boyong Manten
Wong tuwane manten lanang isih nganakake pahargyan, upamane nganggo wayangan, kethoprak, lsp. (sajen-sajene uga pepak meh kaya mantu  wadon). Ing kene  ana upacara pasrah manten saka pihak wadon marang pihak lanang, isih nganggo oleh-oleh, rombongan utusan, boyongan manten, lsp.

3. Selapanan

Dianani slametan utawa kendhuri ing papane wong tuwane manten lanang utawa uga ing papane besan (sanajan mantene wis diboyong adoh).
No Comment

Gladhen Geguritan










Aja Sulaya

Apa iya panjenengan ora lali
Nalikane wayah semana
Nalikane kahanan kang kaya mangkana
Apa iya panjenengan ora sulaya
Nalikane tumetesing eluh nelesi jagad iki
Nalikane kekarepanmu dituruti
Sinten ingkang tansah maringake
Sinten ingkang tansah maringi kabeh kekarepanmu kuwi
Nalika wayah semana
Sinten ndhuk ?
Kuwi kabeh bapak biyungmu
Bapak biyung ingkang sanget tresnane marang awakmu ndhuk
Bapak biyungmu ndhuk
Mugya awakmu ora bakal lali tur sulaya
Marang kabeh kang bapak biyungmu paringaken marang awakmu
Marang panguripanmu kuwi

Semarang,15-10-2015



Klakon Janji

Aku wis ora kelingan
Nalikane wayah semana
Koe ngucap janji 
Janji kang nguwatke ati tur pangrasan
Aku manut
Aku bombong ing janji kuwi
Sadawane dina
Saben wayah tansah ngenteni janji kuwi
Janji kang bakal kok lakoni
Kang diucapke nalika wayah semana

Bungahing ati iki
Wengi iki awakmu teka
Awakmu gawa janji kang di ikrarake nalika kuwi
Trenyuhing ati iki ora bisa dak pendhem
Saking bungahing ati ing wengi iki


Semarang, 21-10-2015



No Comment

“Nglelimbang Memetri Basa Jawi” Jilid I dan Jilid III Karya S. Padmasoekotjo


        Nglelimbang Memetri Basa Jawi Jilid I

Gambar: Buku Memetri Basa Jawi
       1. Alesane milih bab 3 “Sapa kang sinebut Jaka Tarub?”
Alesane milih bab 3 “Sapa kang sinebut Jaka Tarub?” ing  Buku Memetri Basa Jawa Jilid I amarga ing bab 3 kuwi njelasake crita legenda lan crita rakyat kang wis sumebar ing masarakat jawa khususe, lan wis sumebar tekan masarakat jaba pulo jawa uga wis padha ngerti crita rakyat Jaka Tarub iki. Ana ing bab 3 iki bisa didadeake ilmu pengetahuan lan pasionan kanggo para siswa lan calon pendidik supados para siswa lan calon pendidik ngerti babagan legenda, sejarah lan crita rakyat tinggalane nenek moyang  kang wis sumebar, bisa didadeake pasinaon lan paling utamane bisa nguri-nguri crita rakyat kuwi aja tekan punah.
Bab 3 “Sapa kang sinebut Jaka Tarub?” kuwi uga isine pirang-pirang panjlentrehan babagan ringkesan crita Jaka Tarub, kayadene ana materi babagan kawruh basa kang njerone kawruh basa kuwi di jlentrehake babagan negesi tembung, dasanama, krama - inggil, ana panjlentrehan babagan dhapukaning ukara, paramasastra, kasusastran.
Panjlentrehan babagan kabeh materi kuwi bisa didadeake pasionan kanggo kang maca. Misale wae yen kanggo bakal para calon pendidik utawa calon guru, panjlentrehan kabeh pamulangan kuwi bisa kanggo bekal , kanggo tambahan ilmu lan wawasan, kang utamane bisa di wulangake marang siswa-siswine. Amarga yen kanggo para siswa, pamulangan kuwi bisa uga di dadeake wawasan lan tambahan elmu kang ora dioleh dening para siswa saka sekola lan masarakat, tur diarepake supaya para siswa bisa terus nyinaoni pamulangan kuwi.

2. Tema Bab 3 “Sapa kang sinebut Jaka Tarub?”
Tema Bab 3 “sapa kang sinebut Jaka Tarub?” ing buku Memetri Basa Jawa Jilid I yaiku nguri-nguri warisan lan kabudayan jawa. Kayadene nguri-uri babagan warisan crita legenda utawa crita rakyat, pasionan babagan kawruh basa jawa, dhapukaning ukara, paramasastra, kasusastran, lan liya-liyane.

3. Apike lan kekurangane Bab 3 “Sapa kang sinebut Jaka Tarub?”
Isi ing bab 3 “Sapa kang sinebut Jaka Tarub?”  buku Memetri Basa Jawa Jilid I apike yaiku :
1) ing bab 3 kuwi akeh materi lan pamulangan kang bisa di jupuk kanggo kauripan kang para masarakat  maca.
2) ing bab 3 kuwi dijlentrehake bababan ringkesan crita rakyat Jaka Tarub kang bisa didadeake pasionan kanggo kang maca, tur sumber critane uga wis cetha.
3) Ing bab 3 kuwi panjlentrehan kabeh materi dijlentrehake kanthi rinci tur ana contone, umpamane akeh tembung-tembung kang wis ora dienggo maneh ing masarakat jawa umume nanging tembung-tembung kuwi dijlentrehake kanthi rinci.
4) Ing bab 3 pamulangan kang dijlentrehake nganggo basa ngoko, amarga kuwi gampang di waos lan di mangerteni kanggo kang ora pati bisa lan nguwasani kosakata basa krama.
5) Bab 3 kuwi uga isine sipate umum, dadi ora ana batasan pangkat, umur, lan liya-liyane. Kabeh bisa maca lan nyinauni buku memetri, khususe ing bab 3 kuwi.

Isi ing bab 3 “Sapa kang sinebut Jaka Tarub?” buku Memetri Basa Jawa Jilid I kekurangane yaiku :
1) Ing bab 3 kuwi antarane judul sub bab karo isi ora pati nyambung. Judul sub bab 3 ing buku Memetri Basa Jawa Jilid I yakuwi “Sapa kang sinebut Jaka Tarub?”, tapine isi ing sub bab 3 kuwi ora pati nyambung,  umpamane babagan “Krama - Inggil”, panjlentrehane  kuwi ora njleasake babagan  kang ana  hubungane karo judul sub bab 3, nanging contone kuwi malah nganggo conto “Perangane awak” kanggo luwih njelasake babagan “Krama - Inggil” kuwi.
2) Bab 3 kang judule “Sapa kang sinebut Jaka Tarub?” kuwi njlentrehake critane  Jaka Tarub mung ringkesane tok, ora di critake kabeh.
3) ing wiwitan paragraf  ora njelentrehake yen crita “Sapa kang sinebut Jaka Tarub” kuwi kalebu crita apa, karangan crita wiwit taun pira. Nanging langsung njlentrehake babagan ringkesan critane.



Nglelimbang Memetri Basa Jawi Jilid III
 1.  Alesane milih Bab 2 “Megatruh”.
Alesane milih bab 2 “Megatruh” ing Buku Memetri Basa Jawa Jilid III amarga ing bab 2 kuwi njelasake pamulangan babagan salah sijine tembang kang cacahe ana 12 kuwi, yaiku tembang macapat megatruh. Ing bab 2 kuwi uga dijlentrehake conto titi larase tembang macapat Megatruh karangane R.M Hardjasasmita, lan saben tembung ing titi laras kuwi uga di tegesi siji-siji.
Ora namung kuwi tok, ing bab 2 kuwi uga dijlentrehake akeh pamulangan kang cocok di waos, lan yen tenanan nyinaoni bakal nambah wawasan lan elmu. Pamulangan kuwi kayadene panjlentrehan babagan kawruh basa, kang isine ana negesi tembung, dasanama, bebasan kang gegayutan karo awak, tangan sikil, panjlentrehan babagan empan-mapaning tembung, paramasastra, lan panjlentrehan babagan kasusastran, kang ing njerone kasusastran kuwi dijlentrehake babagan sekar megatruh lan parikan. Kabeh materi lan pamulangan kuwi dijlentrehake kanthi rinci tur diwenehi conto kanggo luwih njelasake.
Panjlentrehan babagan kabeh materi kuwi bisa didadeake pasionan kanggo kang maca. Misale wae para pamaos bisa mangerteni lan paham babagan karya kasusastran jaman miyen, lan bisa mraktekake cakepan tembang kuwi, nanging mesti bae kudu kanthi ngelingi watake tembang megatruh kuwi. Sarta yen kanggo bakal para calon pendidik utawa calon guru, panjlentrehan kabeh pamulangan kuwi bisa kanggo bekal , kanggo tambahan elmu lan wawasan, kang utamane bisa di wulangake marang siswa-siswine. Amarga yen kanggo para siswa, pamulangan kuwi bisa uga di dadeake wawasan lan tambahan elmu kang ora dioleh dening para siswa saka sekola lan masarakat, tur diarepake supaya para siswa bisa terus nyinaoni pamulangan kuwi.

      2.     Tema Bab 2 “Megatruh”.
Tema bab 2 “Megatruh” ing buku Memetri Basa Jawi Jilid III yaiku, karya kasusastran jawa. Amarga ing bab kuwi kang luwih ditonjolake panjlentrehan babagan kasusastran jawa kang arupa tembang macapat, parikan, dasanama, bebasan, lan liya-liyane.

     3. Apike lan kekurangane Bab 2 “Megatruh”.
Isi ing bab 2 “Megatruh”  buku Memetri Basa Jawa Jilid III apike yaiku :
1) Ing bab 2 kuwi dijlentrehake babagan salah sijine tembang macapat yaiku megatruh, tur diwenehi conto titi laras tembang kuwi karangane R.M Hardjasasmita.
2) Ing bab 2 kuwi panjlentrehan kabeh materine dijlentrehake kanthi rinci tur ana contone, umpamane akeh tembung-tembung kang wis ora dienggo maneh ing masarakat jawa umume nanging tembung-tembung kuwi dijlentrehake kanthi rinci.
3) Ing bab 2 kuwi akeh panjlentrehan kang nganggo tembung-tembung kang angel di mangerteni dening masarakat biyasa, nanging ing bab 2 tembung-tembung kuwi uga dijlentrehake nganti para pamaos dadi mudeng lan paham.
4) Ing bab 2 pamulangan kang dijlentrehake nganggo basa ngoko, amarga kuwi gampang di waos lan gampang di mangerteni kanggo kang ora pati bisa lan nguwasani kosakata basa krama.
5) Ing bab 2 kuwi akeh nemen paedah, elmu lan wawasan kang bisa dijupuk kanggo para pamaos.
Isi ing bab 2 “Megatruh”  buku Memetri Basa Jawa Jilid III kekurangane yaiku :
1) Ing bab 2 kang judule “Megatruh” kuwi njlentrehake babagan tembang macapat Megatruh ora pati rinci lan cetha. Umpamane ing bab 2 kuwi ora ana panjlentrehan babagan sipat lan watake tembang macapat megatruh kuwi piye.
2) Ing bab 2 kuwi antarane judul “Megatruh” karo isi sub bab ora pati nyambung. Judul sub bab 2 ing buku Memetri Basa Jawa Jilid I yakuwi “Megatruh”, nanging isi ing sub bab 2 kuwi ora pati nyambung, umpamane babagan “Bebasan lsp. Gegayutan karo awak, tangan, sikil”, panjlentrehane kuwi ora njleasake babagan kang ana hubungane karo judul bab 3 kang di jlentrehake contone tembang macapat megatruh karangane R.M Hardjasasmita kang temane kuwi religi, nanging conto kang di jlentrehake ing sub bab “bebasan lsp. Gegayutan karo awak, tangan, sikil” kuwi malah nganggo conto kang adoh saka tema conto tembang macapat megatruh kuwi.
No Comment

Geguritan Jawa


Jagad Gedhe

Alam iki lan kabeh isine
Duweni kaistimewaan
Sang surya, lintang, rembulan
Muter-muter lan gegojegan
Ana ing panggonane dhewe-dhewe
Tanpa tubrukan saben ijen
Toya segara munggah ing kahyangan

Nguap dadia awan
Awan ngembun dadia udan
Udan kang nelesi jagad iki
Udang kang tumetes ing jagad iki
Bakal dadi kaberkahan
Marang kabeh kang manggon ing sajroning jagad iki




Sepining Jagad

Bakal kok gayuh rembulan wengi
Kang lagi gegojegan
Kang lagi mesen tanpa ambebeda
Rasa welas asih kang ngumandhaning ing jiwa
Ing pangrasan iki

Kekarepan nyendal rasa kontal ilang sekejap
Isine namung wani
Datan mikir beja apa orane
Tansah mbebeda pengrasan
Ing sepining jagad
Tekan mrambat ing jroning bathin
Pikir dadi koming
Kekarepan namung palang



Diberdayakan oleh Blogger.