Wong Jawa kang ateges
manungsa kang lair utawa urip ing tanah Jawa lan kenthel diwernani kabudayan
Jawa tansah nyoba ngudi larase utawa harmoni antarane jagad gedhe (makrokosmos)
lan jagad cilik (mikrokosmos).
Kanggo nggayuh iku,
wong Jawa duwe srana laku kebatinan utawa ritual mistik kejawen kanggo
nemokakake rasa sejati ing sajroning pangumbarane sukma. Laku kebatinan utawa
ritual mistik kejawen iku tumrap saperangan warga bebrayan isih nuwuhake
pradondi. Ana saperangan warga
bebrayan kang ngarani yen laku kebatian utawa ritual mistik kejawen iku ora
salaras kalawan majune jaman saiki, ora laras kalawan logika, lan akeh kang
mbiji laku mistik kejawen iku ora salaras kalawan ajaran agama.
Kayadene terminologi
dhasar ing laku mistik kejawen kang sinebut keblat papat lima pancer lan
manunggaling kawula gusti wiwit jaman kawuri wis nuwuhake pamawas kang
beda-beda. Lumantar buku Mistik Kejawen, Sinkretisme, Simbolisme dan Sufisme
dalam Budaya Spiritual Jawa, weton Narasi, Yogyakarta, Suwardi Endraswara
njlentrehake bedane panemu lan pitakonan kang gegayutan kalawan ritual mistik
kejawen.
Ing buku kang wis
kacithak kaping papat wiwit babaran sepisanan ing taun 2003, panganggit,
Suwardi Endraswara, uga njlentrehake piwulang-piwulang filsafati lan wejangan
mistik saka para tokoh kang wis dadi legenda. Antarane yaiku Syeh Siti Jenar,
Ki Ageng Soerjamentaraman, Syeh Amongraga lan Sunan Kalijaga.
Ing wiwitan buku,
dijlentrehake asal usule kejawen. Miturut andharan ing buku iki asal usul
kejawen kawiwitan saka tokoh misteri aran Sri lan Sadono. Sri iku panjilmane
Dewi Laksmi, sisihane Dewa Wisnu lan Sadono iku panjilmane Wisnu dhewe.
Dewi Sri lan Wisnu
iki, miturut andharan ing Tantu Panggelaran pancen tau diprentah mudhun ing
ngarcapada lan dadi leluhure manungsa ing tanah Jawa. Dewi Sri nitis marang
Dewi Candrakirana saka krajan Daha. Dene Sadono nitis dadi Raden Panji.
Saka crita mula bukane
manungsa Jawa adhedhasar crita ing Tantu Panggelaran iku wis nuduhake yen wiwit
jaman kawuri bebrayan kejawen pancen akeh ngugemi lan cedhak kalawan mistik.
Laku lan paugeran mistik wis ajur-ajer kalawan urip lan panguripane wong Jawa.
Mistik Sri lan Sadono
iki ing tradhisi kejawen sabanjure ninggalake keyakinan lan tradhisi patung
cilik aran Lara Blonyo. Dene piwulang lan paugeran kuna kang dadi pathokan kang
raket gandheng cenenge kalawan mistik Sri-Sadono yaiku falsafah Ajisaka.
Ajisaka ateges cagak
utawa saka guru kang nyangga lan ndadekake santosane jiwa manungsa, yaiku
religiusitas. Religiusitas Jawa ora liya mistik kejawen. Mistik kejawen
mujudake saka guru urip lan panguripane kejawen. Karana iku, kejawen tanpa
mistik ateges ora sampurna kejawene. Kejawen lan mistik wus nyawiji dadi wujude
religi mistik kejawen.
Kejawen lelandhesan
crita Sri-Sadono dianggep makili jaman nalika manungsa Jawa isih bodho. Nalika
Ajisaka tumeka ing tanah Jawa, bebrayan Jawa ngancik dadi bebrayan kang duwe
ngelmu. Ya Ajisaka iki kang sabanjure dadi saka guru ngelmune wong Jawa.
Ajisaka didunungake minangka tokoh kang mulangake kejawen ndeles utawa asli.
Bebrayan kejawen kang
maneka rupa lan warna, ngasilake maneka warna golongan lan tradhisi ing
panguripane wong Jawa. Malah ing sanjerone akeh paguyuban-paguyuban kang tansah
ngrembug alam uripe. Paguyuban-paguyuban iku luwih asipat mistis lan adhedhasar
konsep rukun. Pawitan dhasare komunitas iki mung arupa tekad lan niat kang
padha kanggo nguri-uri tradhisi leluhur. Saben tlatah kejawen uga duwe paugaren
mligi. Saben tlatah duwe kosmogoni lan mitos dhewe. Mitos-mitos ing saben
tlatah kejawen iku ana kang didadekake keblating urip, dipuja lan disuyuti
sarta didunungake ing papan kang mligi ing jagad uripe.
Wong Tengger ing Jawa
Timur duwe falsafah mistik dhewe. Wong Banyuwangi uga duwe legenda gegayutan
mula bukane kutha Banyuwangi. Bebrayan Ponorogo duwe sesanti mistik, yaiku aja
ngaji ing pondhok, ngajia ing Ponorogo. Samono uga ing tlatah Yogyakarta. Nganti
saiki wong Yogyakarta isih percaya yen Kangjeng Ratu Kidul iku wujud keyakinan
mistike Panembahan Senapati.
Nalika nglakoni
tradhisi kejawen, wong Jawa tansah ngugemi budaya leluhur kang asipat turun
temurun. Karana iku kanthi sadhar apa ora, wong Jawa tansah mumpangatake karya
sastra leluhur minangka pondasi uripe. Karya sastra iku kayadene Babad Tanah
Jawa, Serat Centhini, Mahabarata, Serat Wedhatama lan liyane kang tansah
mernani maneka rupa tradhisi kejawen kang urip nganti saiki.
Tradhisi kejawen uga
asipat lentur lan akomodatif, saengga bisa nampa keyakinan asumber liya.
Kejawen bisa nampa ajaran agama Hindu, Budha, Islam, Kristen kang diracik
kanthi mentes ing paugerane wong-wong abangan. Abangan mujudake perangan
religiusitas Jawa kang asli.
Akeh
pepundhen Jawa kang sugih pengalaman mistik
Wong Tengger ing Jawa
Timur duwe falsafah mistik dhewe.
Wong Banyuwangi uga
duwe legenda gegayutan mula bukane kutha Banyuwangi. Bebrayan Ponorogo duwe
sesanti mistik, yaiku aja ngaji ing pondhok, ngajia ing Ponorogo. Samono uga
ing tlatah Yogyakarta. Nganti saiki wong Yogyakarta isih percaya yen Kangjeng
Ratu Kidul iku wujud keyakinan mistike Panembahan Senapati.
Nalika nglakoni
tradhisi kejawen, wong Jawa tansah ngugemi budaya leluhur kang asipat turun
temurun. Karana iku kanthi sadhar apa ora, wong Jawa tansah mumpangatake karya
sastra leluhur minangka pondasi uripe. Karya sastra iku kayadene Babad Tanah
Jawa, Serat Centhini, Mahabarata, Serat Wedhatama lan liyane kang tansah
mernani maneka rupa tradhisi kejawen kang urip nganti saiki.
Tradhisi kejawen uga
asipat luwes lan akomodatif, saengga bisa nampa keyakinan asumber liya. Kejawen
bisa nampa ajaran agama Hindu, Budha, Islam, Kristen kang diracik kanthi mentes
ing paugerane wong-wong abangan. Abangan mujudake perangan religiusitas Jawa
kang asli.
Sarujuk apa ora, Syekh
Siti Jenar wis mernani jagad mistik kejawen. Mistik kang diwulangake dening
Syekh Siti Jenar pancen nuwuhake pradondi nganti tumeka saiki. Apamaneh nalika
dheweke ngrembug babagan Gusti Kang Maha Kuwasa lan babagan pati.
Ana saperangan
bebrayan nganggep piwulang mistik saka Syeh Siti Jenar kalebu kaku, mistike
akeh sing landhep dudu sing alus. Ana uga bebrayan kang ngecap yen dheweke iku
nganut ajaran kang ora bener, nerak paugeran agama Islam kang disebarake para
Walisanga.
Tokoh mistik kejawen
Ki Ageng Soerjamentaraman kalebu paraga mistik kejawen kang prasaja. Pengalaman
uripe kebak mistik. Uripe kang prasaja sejatine uga perangane mistik.
Kekaremane ngumbara, nyepi lan nekani papan-papan kang wingit uga mujudake laku
mistik kang asipat implementatif.
Ki Ageng
Soerjamentaraman asale saka njeron beteng (wewengkon Karaton), yaiku putrane
Sri Sultan Hamengkubuwono VII lan BRA Retnomandojo. Pengalaman mistike kabelu
ngedab-edabi. Uripe kebak laku lan prihatin. Karana iku ing sawijining wektu
dheweke mbatin,”Seprana-seprene aku kok durung tau kepethuk wong”.
Dene tokoh mistik Syeh
Amongraga kang ora liya putrane Sunan Giri, ing uripe akeh nyinau agama Islam
kang kebak tasawuf. Amongraga sinau agama Islam ing pesantren Karang Banten,
gurune Syeh Ibrahim bin Abu Bakar. Kridhane ngudi ngelmu tasawuf iku kang
ndadekake dheweke antuk ngelmu kejawen, yaiku campuran antarane Islam lan Jawa,
kondhang sinebut ngelmu tuwa.
Saka Walisanga, Sunan
Kalijaga mujudake wali kang dadi pepunden ing bebrayan Jawa. Nalika nglakoni
kuwajibane minangka wali, Sunan Kalijaga bisa migunakake cakrik dakwah cara
estetik-sufistik. Sunan Kalijaga kasil ngemonah mistik kejawen saengga katon
alus.
Ing babagan ngibadah,
Sunan Kalijaga ngripta jeneng panakawan ing wayang kulit purwa. Semar saka
tembung Arab simaar utawa ismarun, tegese paku kang ngadhut filosofi piranti
kanggo nancepake barang supaya kuwat, ora mingkuh lan kenceng. Nala Gareng saka
tembung Arab nala (nampa) kang ing Basa Jawa ateges ati lan khairan (tumindak
kang apik).
Petruk saka tembung
Arab fatruk (tinggalna), yaiku tinggalna samubarang kang ala utawa nahi munkar.
Lan Bagong saka tembung Arab baghoo, tegese nimbang antarane rasa lan pikir,
antarane sing ala lan sing apik, antarane sing bener lan sing kleru.
Saliyane ngandharake
para paraga mistik kejawen kang menjila kayadene Syeh Siti Jenar, Ki Ageng
Soerjamentaraman, Syeh Amongraga lan Sunan Kalijaga, panganggit buku, Suwardi
Endraswara, uga njlentrehake maneka laku lan tata cara ing jagad mistik
kejawen.
Semedi mujudake
rodhane mistik. Ing semedi iki nglibetake rasa kang sejati. Ngelmu rasa sejati
iki bisa kagayuh kanti eneng, ening, enung lan nir ing budi utawa suwung. Laku
iki kang sinebut semedi, yaiku nyepi, mati raga, mesi raga saengga kuwawa
nemokake Gusti Kang Maha Kuawasa ing atine utawa rasa pangrasane.
Laku tapa mujudake
mesin mistik. Tapa kang dikarepake yaiku tata cara urip kang tansah diwernani
laku-laku spiritual kayadene tapabrata, tirakat, ngurang-ngurangi lan laku
liyane. Laku tapa iki dilakoni kanthi cara mutih, nglowong, ngepel, ngebleng
lan sawenehing laku tapa liyane.
Tata cara ing mistik
kejawen liyane yaiku ngraga sukma. Ngraga sukma ing mistik kejawen mujudake
laku kanggo nggayuh kasunyatan. Ngraga sukma utawa mati sajroning ngaurip uga
mujudake dalan lempeng tumuju Gusti Kang Maha Kuwasa. Karana iku ngraga sukma
kagolong pengalaman kang asipat subyektif. Wusanane, mistik
kejawen diakoni apa ora pancen dadi perangan uripe bebrayan Jawa. Laku mistik
apadene kapercayan mistik tuwuh, ngrembaka lan dileluri jumbuh kalawan uripe
kabudayan ing bebrayan Jawa. Pradondi kang tuwuh ora mahanani matine mistik
kejawen.
0 Comments