No Comment

Tuladha Sesorah Basa Jawa

Tuladha (1)
Mangertos Dhateng Tata Krama lan Unggah-ungguh

Assalamualaikum wr.wb
Katentreman, kawilujengan, kabagjan peparing Gusti ingkang Asih Allah SWT, mugi tansah kajiwa kasasira wonten jiwa raga kula lan panjenengan.
Dhumateng para sepuh pinisepuh, para pepundhen ingkang kula bekteni.
Para rawuh kakung putri ingkang pantes kinurmatan.
Kadang-kadang sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Kanthi ngonjukaken raos syukur dhateng Gusti Allah Ta’ala, saha nyuwun pangaksama, keparengna kula ngadeg wonten ngarsa panjenengan, awit kula kadhawuhan ngaturaken babagan ‘Trap-trapaning Tata Krama utawi Cak-cakaning Tata Krama’, unggah-ungguhing Basa Jawi.
Para pamirsa minulya, tata krama, tata susila, subasita utawi unggah-ungguh menika nyakup kantamen gesanging manungsa ingkang maujud ing tata lair menapa dene tata batin.
Kalebet utamaning sedya saha panggagas, tindak tanduk, solah bawa, dalasan muna-muni.
Pasrawungan ing kulawarga, sekolahan, masyarakat, minggahipun ing bebrayan negari, ugi ngangge tata krama.
Sedaya papan panggenan gadhah adat-istiadat piyambak, ingkang benten setunggal lan setunggalipun mila kula lan panjenengan kedah ngajeni utawi ngaosi tata cara ingkan benten kalawau.
Para rawuh ingkang pantes kinurmatan.
Nedha, ngunjuk, lenggah lumampah, sare lan sapanunggalipun sedaya ngemu trap-trapaning tata krama.
Tuladaha-tuladha trap-trapaning tata krama:
a.     Nedha
·     Sampun ngantos kecap-kecap
·     Boten ngantos gas-gasan
·     Sampun ngantos nyisa utawi tirah
·     Ing pasamuan, karahapi menawi sampun dipun aturaken utawi sampun dipun acara

b.     Pangandikan
·     Boten usah sora-sora
·     Sampun klesik-klesik, menawi ingkang jejagongan langkung tiyang kalih. (saged dipun contoni)
·     Boten damel seriking tiyang sanes
·     Ingkang prasaja kemawon, boten umuk utawi gumedhe
·     Menawi wiwit ngendika, mawi uluk salam sarta tetembungan ‘nuwun sewu’; ‘kepareng matur’; ‘nyuwun pangapunten’; ‘ matur nuwun’ lan sapanunggalanipun minangka kuncining sesrawungan ingkang ngetrep tata krama.
c.      Solah bawa
·     Menawi angop dipun tutupi utawi nggeget lathi.
·     Menawi gatel sampun dipun kukur kelawaran cekap dipun penet, kajiwit utawi kaisik-isik kemawon.
·     Prasaja kemawon boten dipun damel-damel
Menika sakperangan alit ingkang saged kula aturaken, awit taksih kathah trap-trapaning tata krama wonten ing bebrayan agung.
Para rawuhmekaten menggah ingkang saged kula aturaken, kiranging trapsila saha atur ingkang tumpangsuh kula nyuwun agunging samodra pangaksama. Nuwun.
wassalamualaikum wr.wb.





Tuladha (2)
                                        Memetri Basa Jawi Salebeting Bebrayan

Assalamu’alaikum Wr.Wb
Nuwun
Dhumateng Bapak Ibu dewan juri ingkang winantu ing pakurmatan,
Dhumateng para dwija ingkang kinabekten,
Dhumateng para lenggah ingkang satuhu kinurmatan,
Saha para kadang aben trampil sesorah basa Jawi ingkang winantu ing suka basuki.
Saderengipun kula matur, sumangga tansah ngaturaken raos puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Kuwaos, awit saking rahmat lan hidayahipun, kita sedaya taksih pinaringan wekdal inghkang mirunggan ngempal manunggal wonten papan punika kanthi kasarasan lan kawilujengan. Sholawat salam ugi konjuk dhumateng junjungan Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita tengga-tengga syafa’atipun mangke ing yaumul akhir. Kanthi andhap asor kula nepangaken ................ keparenga kula ngadeg wonten ngarsa panjenengan, awit kula kadhawuhan matur babagan ‘Sesorah Memetri basa Jawi salebeting bebrayan’
Basa Jawi saged ngrembaka lan kondhang kawentar wonten ing jagad raya. Babagan menika wigatos sanget dipunpenggalih mliginipun dening warga ingkang rumaos handarbeni dhumateng basa jawi, supados kawontenan tiang jawi lan ugi kabudayanipun langkung dipuakeni dening kelompok-kelompok warga ndonya sanesipun.
Para rawuh ingkang kinurmatan, miturut Bapa Suwartono ngandharaken bilih wonten 5 prekawis kangge memetri basa jawi. Babaripun inggih menika:
Sepisan
Nuwuhaken raos remen kawula mudha tumrapipun budaya leluhur piyambak. Basa menika makili kabudayan ingkang kedah dipunuri-uri dening bebrayan utawi kelompok masyarakat piyambak. Mliginipun para kawula mudha ingkang samangke anggadhahi jejibahan menika. Kejawi saking menika, saged kemawon basa Jawi kabedhol oyotipun saking tlatah Jawi menawi mboten dipunjagi kanthi estu lan turun temurun. Langkung saenipun bilih kula panjenengan sedaya nyumurupi warisan para leluhur arupi budaya Jawi menika saderengipun dipuncepeng kaliyan nagara manca.
Kaping kalih
Perkawis piwucalan Basa Jawi wonten ing sekolah kedah dipunjejegaken. Piwucalan basa Jawi wonten sekolah menika taksih adhedhasar seratan katimbang lisan. Kejawi saking menika lumampahing piwucalan taksih kapetang kuno lan kirang ngremenaken. Kamangka kathah cara kagem nuwuhaken karenan tumrap basa Jawi mawi adhedhasar lisan kadosta, tembang dolanan ingkang sarat kabudayan.
Kaping tiga
Kulawarga kedah dados papan utama kangge nepangaken sarta ngangge basa Jawi sadinten-dinten. Samenika kedah dipunwontenaken salebeting kulawarga minangka basa padintenan.
Kaping sekawan
Sesrawungan ngangge basa Jawi kedah dipunusumaken. Sesrawungan mboten namung kaliyan tiang sepuh kemawon, ananging kedah ugi dipunusumaken tumrap tiang ingkang langkung sepuh, lelawan wawan rembag, lan kanca-kanca.
Kaping pungkasan
Sinten ingkang taksih sinau ngangge basa Jawi kedah dipunbombong. Kathah tiang wonten salebeting bebrayan ingkang taksih gladhen micara ngagem basa Jawi sinaosa taksih kirang trep. Samenika boten ateges namung saged dados gojegan utawi dipuncacat. Ingkang wigatos sami dipunmangertosi ingkang leres. Amargi sampun kersa nyinaoni basa Jawi.
Kanthi pinten-pinten cara ingkang sampun kula babar wonten ing nginggil menika, sageda basa Jawi mboten bakal sirna. Kepara saged minggah kawentaripun. Mugi Gusti Ingkang Maha Pinasih ngijabahi.
Jenang sela wader kalen sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula, Nuwun
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.




 Tuladha (3)
Nglestantunaken Basa Jawi

Assalamualaikum Wr.Wb
Alhamdulillahirrobbil ‘alamin washolaatu wassalamualaiala asyrofil ambiyaa’i wal mursaliina wa ala alihi wa askhabihi ajma’in amma ba’du.
Dhumateng para rawuh ingkang pantes anampi pakurmatan.
Dewan juri ingkang minulya, sumrambah para kadang, kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Kanthi andhap asor keparengna kula ngadeg wonten ngarsa panjenengan, awit kula kadawuhan matur babagan ‘Sanguning Sasorah’, mboten ketang sekedhik ndherek nglestantunaken Basa Jawi.
Ananging langkung rumiyin, sumangga kula dherekke ngaturaken puja puji syukur datheng Gusti ingkang Maha Agung Allah SWT, ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan dumateng kula lan panjenengan, anenggih rahmat, barokah, hidayah saha inayah, dumugi wekdal punika taksih pinarungan wilujeng.
Salawat saha salam katur dhumugi junjungan kula lan penjenengan Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang katengga-tengga syafaatipun mbenjang wonten yaumul qiyamah.
Para pamirsa ingkang kanurmatan keparengna kula ngaturaken ‘Sangu-sangunipun gladhen sasorah’. Miturut dawuh pangandikan utawi wewarah saking Bapa Guru dumateng kula inggih mekaten:
Ingkang sepisan;
Patrap utawi sikep, kedah trengginas, tanggap, mantep, luwes sarta wibawa, sanipun ngaritos ajrih, ingah ingih, glenyengan.
Angka kalih:
Bab busana lan ngadisarira, tegesipun sandhangan ingkang dipun agem sarta pangangenipun utawi anggenipun dandan kedah dipun slarasaken kaliyan kawontenan mboten neka-neka, trep utawi pas kaliyan swasana.
Ingkang angka tiga:
Babagan basa, minangka pirantos kangge nglairaken gagasan, saenipun ngginanaken basa ingkang dipun ginakaken saben dinten, sampun ngantos ngginakaken basa ingkang mboten dipun mangertosi ingkang mirangaken, saged-saged malah mboten sambung.
Dene ingkang angka sekawan:
Gladhen utawi latihan inggih namung gladhen inggih namung gladhen utawi latihan kanthi temen tumemen utawi sregep wonten ing saben-saben papan lan wekdal, dangu-dangu kulina sesorah, kepara dados mumpuni, langkung sae wonten ingkang nggladhi utawi mbimbing, wah mesthi langkung sampurna.
Para lenggah ingkang minulya, mekaten sekedhik ingkang saged kula aturaken, mugi wonten manfaatipun, sarta kula ajak-ajak dhateng kanca-kanca supados purun gladhen sasorah, amargi ageng gunanipun wonten ing bebrayan agung utawi masyarakat.
Salajengipun sedaya lepat saha kasaring atur kula nyuwun pangaksama.
Akhirul kalam, wabilahit tofiq wal hidayah. Nuwun.
wassalamualaikum wr.wb.
No Comment

Jlentrehe Tembang Macapat




Maskumambang
Maskumambang iku tembang macapat kang dadi pralambang jaman wong lanang lagi mrambat dewasa, ing mangsa nalika seka bocah nuju dadi manungsa kang katon ing tengahing bebrayan. Tembung maskumambang iku sesambungan antarane emas lankumambang. Ana kang nganggep yen Maskumambang iku tembange wong lanang, dene yen wadon iku Kinanthi. Watak tembang iki, umume isine kaya wong kang lagi sambat lara, ketula-tula, lan sengsara.
Tuladha
Gereng-gereng Gathotkaca sru anangis
Sambaté mlas arsa
Luhnya marawayan mili
Gung tinamêng astanira
Mijil
Mijil iku artine lair utawa metu. Ing jajaran tembang Macapat, Mijil umume diselehke ing ngarep. Saben pada, tembang iki ana enem gatra (larik), kanthi guru wilangan lan guru lagu :
Tuladha
Mijil ing donya siniwi ratri
Kabeh durung katon
Amung anjali soca ing tembé
Lelaku alon siniji-siji
Nunggu mring wartaning
Sesotya satuhu
Sinom
Yen dijupuk arti wantah, sinom maknane godhong asem sing isih enom. Ing Macapat, sinom nduwe sipat kang isih enom. Kaya dene bocah cilik kang lagi ngerti ndonya.
Tuladha
§ Tuladha 1
Ing pojok wetan sang surya
Nyungging sinom dadi peni
Kagubet embun rumeksa
Dening Hyang Murbeng Dumadi
Raga jiniret ati
Seka perbawaning esuk
Manuksma suluk angga
Kang wang-sinawang mranani
Tibane prana sarwa sulih prasaja
§ Tuladha 2
Amenangi jaman édan
Éwuh aya ing pambudi
Milu édan nora tahan
Yèn tan milu anglakoni
Boya kaduman melik
Kaliren wekasanipun
Ndilalah karsa Allah
Begja-begjané kang lali
Luwih begja kang éling lawan waspada
Kinanthi
Kinanthi iku salah sijine tembang macapat kang umume dienggo nggambarake rasa seneng, katresnan, lan kawicaksanan. Kinanthi bisa nduwe arti gegandhengan tangan lan bisa ugajeneng sawijining kembang. Ana uga kang nggandhengake kinanthi klawan Maskumambang. Yen maskumambang kanggo wong lanang kang lagi dewasa, kinanthi kanggo wanita.
Tuladha 1
Anoman mlumpat sampun
praptêng witing nagasari
mulat mangandhap katingal
wanodyâju kuru aking
gelung rusak awor kisma
ingkang iga-iga kêksi
(Saka Serat Rama Kawi déning Kyai Yasadipura)
Tuladha liya
Pitik tulak pitik tukung
Tetulake Jabang bayi
Ngedohaken cacing racak
Sarap sawane sumingkir
Si tulak manggung ing ngarso
Si Tukung ngadhangi margi
Asmaradana
Asmaradana utawa Asmarandana iku sawijining jinis tembang macapat. Tembang Asmarandana umume kanggo wong sing lagi gandrung kapirangu. Yen dideleng wantah, Asmarandana dijupuk seka asmara kang artine tresna, lan dahana kang artine geni. Mula saka kuwi, Asmarandana isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna.
Tuladha
Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitané
Luput pisan kena pisan
Lamun gampang luwih gampang
Lamun angèl, angèl kalangkung
Tan kena tinumbas arta
Aja turu soré kaki
Ana Déwa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanané
Isine donga tetulak
Sandhang kelawan pangan
Yaiku bagéyanipun
wong welek sabar narima

Gambuh

Gambuh iku sajinising sekar madya.

tuladha:
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur
Polah kang kalantur
Tanpo tutur katulo-tulo katali
Kadaluwarso katutur
Katutuh pan dadi awon
Tembang Gambuh mbok menawa pancèn kebak ing pitutur. Pitutur kang nggiring manungsasupaya éling marang tumindak-tumindaké. Manungsa dielingaké yènta kabèh tingkah polah manungsa iku ana akibaté. Adigang, adigung, adiguna, bakal nyilakaké urip manungsa sing duwé patrap kaya mangkono iku
Dhandhanggula
Dhandhanggula iku salah sijine tembang macapat kang isine 'pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep. Mula saka kuwi, tembang kang nganggo metrum Dhandhanggula uga nduwe isi kang legi kaya dene gula. Akeh pitutur kuna kang nganggo jenis iki.
Ana uga kang nyoba othak-athik gathuk karo sawijining raja ing jaman Kadiri, Dhandhanggendhis. Seka othak-athik iki banjur kinira yen tembang iki digawe nalika jaman Kadhiri. Gendhis uga nduwe arti gula.
Tuladha
Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa sira anuladha,
duk ing uni caritane,
andelira sang prabu,
Sasrabahu ing Maespati,
aran patih Suwanda,
lelabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purun ingkang den antepi,
nuhoni trah utama
Durma
Durma iku salah sijine tembang macapat kang nduwe watak galak. Ana kalane uga Durma ngemu kahanan kang serem lan marai wedi. Durma klebu tembang kang wingit.
Tuladha
Kae manungsa golek upa angkara
Sesingidan mawuni
ngGawa bandha donya
mBuwang rasa agama
Nyingkiri sesanti ati
Tan wedi dosa
Tan eling bakal mati
Pangkur
Pangkur iku salah sijine tembang macapat kang nduwe watak munggah ndhuwur. Upama piwulang, iku piwulang kang dhuwur. Upama tresna, iku tresna kang pinunjul. Seka tetembangan iki banjur akeh maneka warna tembang lan gegendhingan kang nganggo jeneng pangkur, antara liya: pangkur jenggleng, pangkur palaran, pangkur lombok, lan liya-liyane.
Pranata Praja Jawa Kuna
Ing naskah-naskah kuna sing nganggo basa Kawi, pangkur iku salah sijine pranata paja ing jaman Jawa Kuna. Pangkur, tawan, lan tirip iku kalebu mangilala drawya haji kang ora entuk mlebu ing tlatah kang dadi sima. Dinuga dening para arkeolog, yen mangilala drawya haji iku pranata praja kang tinugasan ngurusi pajek.
Istilah “Pangkur” uga tinemu ing bab-bab kang ora megepokan karo tembang,Tuladhane:
Desa ing Tumapel
Yen dideleng ing crita Ken Arok utawa Ken Angrok, ana desa kang dadi asale Ken Endok, yaiku desa Pangkur. Ing desa iki Ken Arok nglakoni jaman cilike.
Tumpeng
Ana salah sijine tumpeng kang sinebut Tumpeng Pangkur. Tumpeng iki digawe yen ana jaka (wong lanang durung nikah) mati. Tumpeng kuwi banjur digawa menyang kuburan.
Tuladha
Sekar Pangkur kang winarna
lelabuhan kang kanggo wong aurip
ala lan becik puniku
prayoga kawruhana
adat waton puniku dipun kadulu
miwa ingkang tatakrama
den keesthi siyang ratri
Megatruh
Megatruh utawa Dudukwuluh iku kalebu tembang sekar madya. Wateké prihatin lan getun pungun-pungun (Indonesia "rasa sakit hati karena rindu") .
Tuladha
Tuladha iki dijupuk saka Babad Tanah Jawi anggitan Ki Yasadipura.
sigra milir kang gèthèk sinangga bajul
kawan dasa kang njagèni
ing ngarsa miwah ing pungkur
tanapi ing kanan kéring
kang gèthèk lampahnya alon
Sumber
Johannes Jacobus Ras1982Inleiding tot het modern Javaans. ’s-Gravenhage: Nijhoff. ISBN 90-247-6167-x, (Kaca 314-315).
Pucung
Pucung (ana kalane tinulis pocung) iku tembang macapat kang ngelingke marang pepati. Pucung cedhak karo tembung pocong. Kaya pralambang mori kanggo mbungkus layon, pucung dienggo tembang kang bisa ngelingake marang manungsa yen urip ing ndonya ana pungkasane.
Ananging Pucung uga nduwe watak liya. Pucung iku jenenge wiji woh-wohan. Wanda cung uga marai gawe rasa seger kang ngelingake marang perkara kang lucu kaya dene isih jaman dikuncung. Tembang iki asring dienggo tembang-tembang kang uga lucu, kayata parikan utawa bedhekan.
Tuladha
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
setya budya pangekesing dur angkara
Jurudemung
Jurudemung iku kalebu tembang sekar madya. Wateké prenèsan lan biyasané dienggo tembang wangsalan utawa sing rada érotis.
Tuladha iki dijupuk saka Serat Pranacitra
ni ajeng mring gandhok wétan
wus panggih lan Rara Mendut
alon wijilé kang wuwus
hèh Mendut pamintanira
adhedhasar adol bungkus
wus katur sarta kalilan
déning jeng kyai Tumenggung.



Sumber
Johannes Jacobus Ras1982Inleiding tot het modern Javaans. ’s-Gravenhage: Nijhoff. ISBN 90-247-6167-x, (Kaca 313).
No Comment

Basa Jawa Saiki Wis Arang-arang Digunakake


Basa Jawa saiki wis pancen arang-arang digunakake, akeh bocah ing jaman saiki ora mudheng basa jawa. Awit isih cilik digladhi migunakake basa Indonesia kanggo basa padinan, kanthi mengkono basa jawa kaanggep angel. Supaya biasa migunakake basa jawa kang bener kudu gladhen supaya lancar. Sak ora-orane kudu bener pocapane, ngerti tandha wacan.
Kabeh guru mligine guru kang tingkat dhasar mono tugase mandhasi watake bocah, amrih besuke bisa dadi generasi penerus kang nduweni akhlak kang kena di andelalake sarta duwe pakarti luhur. Awit jroning basa jawa mau akeh kandhungan pendhidhikan tumrap bocah amrih tansah nuhoni tumindak andhap asor, ngetrapake tata karma, tata susila, treping basa samubarang wong, lan sapiturutipun.
Bocah saiki akeh kang babar pisan ora nduweni andhap asor, sludar-sludur kaya wedhus prucul marang guru lan wong tuwa. Apa merga kena pengaruhe jaman kang sansaya canggih ? kanyatane senajan wulanan basa jawa wis dicacake, nanging asile meksa durung maremake. Jalaran wulangan basa jawa durung entuk papan jembar kang semestine. Wulangan basa jawa isih kaya dene tanduran tumpang sari ana pinggir galengan, saka ngendi bisane menehi asil kang maksimal. Carane ngetrapake uga durung bias rancag, isih kecincungan, jalaran bocah durung nguwasani basa jawa. Luwih-luwih ngenani paramasastra kang ruwet.
“Pak kula badhe kondur rumiyin.”
“Wong kula tindak Malang nitih sepur.”
“Kula lingsem menawi badhe tindak dhateng dalemipun Bu Ning.”
Basa kang sliring mengkono mau kerep keprungu ing bebrayan. Sarehne basa jawa durung entuk papan kang semestine, wektune winates, mula guru bisa nduweni kreativitas kang dhuwur. Contone, nalika ing kalodangan apa bae, bocah tansah dijak komunikasi nggunakake basa jawa, nurut unggah-ungguhing basa. Mesthi bab iki mung kanggo daerah tinamtu wae, kang pendhudhuke mayoritas masyarakat jawa.
Tembang ugi kena kanggo ningkatake pendhidhikan budi pekerti, aja nganti diliwakake marang bocah upama cakepane ngarang dhewe, golek ukara kang kena kanggo ndhidhik bocah, dene lagune bias njiplak saka lagu-lagu kang wis popular., kang bocah wis mesthi gampang apal lan sisane. Wulangan budi pakerti sarana tembang lewih gampang disenengi bocah, awit karo nembang atine seneng lan bocah uga niteni ukara kang ditembangake mau. Timbang sarana ceramah, bocah malah ora pati migatekake, tur ora bisa langsung nyanthel marang jiwane bocah.
Kanggo ngembangake basa jawa, tembang lan budayane, amrih wis lumaku rancag guru kudu bisa mandhiri. Aja nemen nemen njagakaake marang kang nduweni kawenangan. Pengalaman mbuktekake, saben ana program amrih lestari lan ngrembakane basa/budaya jawa, pancen dalane ora lancer, akeh sandhungane. Mligie ngenani prapebaya.
Carane guru bisaa nyawiji karo kelompok masyarakat endi waekaqng nduweni misi nglestarekake sastra lan basa jawa. Umpamane makarya bebarengan karo sastrawan jawa, nganakake lomba ,maca basa jawa, lomba nembang lan sapiturutipun. Bab prabeya bisa golek kanthi sambat marang kang nduweni kawigaten gedhe marang lestari sarta ngrembakane basa jawa. Pokoke sembarang cara bisa dienggo, amrih basa jawa entuk papan kang jembar, merdika urip ngrembaka.
Wosing atur, menwa guru ndueni kreativitas kang dhuwur, bisa ningkatake kemandhirian, ngrenggesengake wulangan basa jawa kalebu tembange kanthi meneka cara, lan bisa oleh asil kang maksimal maremake, wis pada karo ndeder winih unggul generasi penerusing bangsa kang bisa diandelaake samubarange, mligine bab dhuwure akhlak luhuring pakarti.


(kapethik saking LKS Esensi, 2008)
No Comment

Tradhisi Sekaten




Sekaten utawa upacara Sekaten (saking tembung Syahadatain utawa kalih tembung syahadat) inggih menika adicara ingkang dipunpengeti ambal warsanipun Nabi Muhammad s.a.w. sing diwontenaken saben tanggal 5 sasi Jawa Mulud (Rabiul awal tahun Hijrah) wonten ing alun-alun lor Surakarta kaliyan Yogyakarta. Upacara menika kala jaman rumiyin diwontenaken dening Sultan Hamengkubuwana I, pandiri keraton Yogyakarta kangge ngundang masyarakat mlebet agami Islam.
wonten dinten kapisan, upacara diwiwiti ing dinten dalu dipunlajengaken arak-arakan abdi Dalem (punggawa kraton) sami-sami diiringi kalih set gamelan Jawa: Kyai Nogowilogo lan Kyai Gunturmadu. Iring-iringan meniki kawiwitan saking pendopo Ponconiti dumugi masjid Agung ing alun-alun lor dikawal kalih prajurit Kraton. Kyai Nogowilogo badhe manggoni sisih lor saking masjid Agung, menawi Kyai Gunturmadu badhe manggoni ing Pagongan sisih kidul masjid. Kalih set gamelan iku badhe dimainke sesarengan nganti tanggal 11 wulan Mulud suwine 7 dinten katurut-turut. wonten ndalu ingkang pungkasan, kalih gamelan menika badhe dibekta wangsul malih wonten Kraton.

Grebeg Muludan
Acara puncak Sekaten menika dipunlampahi Grebeg Muludan ingkang dipunwontenaken nalika tanggal 12 robiul awall (dinten ambal warsanipun Nabi Muhammad s.a.w.) wiwit tabuh 8:00 enjang. Dikawal kaliyan 10 macam (bregodo/kompi) prajurit Kraton, inggih menika: Wirobrojo, Daeng, Patangpuluh, Jogokaryo, Prawirotomo, Nyutro, Ketanggung, Mantrijero, Surokarso, dan Bugis. setunggal Gunungan ingkang kadamel saking  uwos ketan, daharan kaliyan woh-wohan ingkang dipunbekta saking istana Kemandungan nglewati Sitihinggil lajeng tumuju Masjid Agung. sakbibaripun dipundongani Gunungan ingkang nglambangken kasejahteraan kerajaan Mataram menika dibagi marang sedaya masarakat. Bagian isen-isen Gunungan menika ingkang dipunanggep sakral menika badhe dibetha wangsul lajeng ditandur wonten sabin utawa tegalan supados mangkin dados subur kaliyan bebas saking bencana lan malapetaka.

Tumplak Wajik
Kalih dinten sakderengipun acara Grebeg Muludan, satunggalipun upacara Tumplak Wajik diwontenaken wonten ing halaman istana Magangan tabuh 16:00 sonten. Upacaranipun inggih menika kotekan utawa dolanan lagu ngagem kentongan, lumpang kangge numbuk pari, enggalipun ingkang nandai badhe dipunwiwiti pandamelan Gunungan ingkang badhe diarak wonten ing acara Grebeg Muludan mangke. Tembang ingkang diunekken wonten ing adicara Tumplak Wajik inggih menika tembang Jawa populer kayata: Lompong Keli, Tundhung Setan, Owal awil, utawa lagu-lagu rakyat sanesipun.




No Comment

Jajanan Khas Jawa



Gethuk Kukus
Gethuk iku panganan jajanan (kudhapan) sing utamané digawé saka ketéla pohung (singkong). Gethuk iku panganan sing gampang ditemoni ing Jawa Tengah lan Jawa Wétan.
Gethuk Goreng
Gethuk ana kang digawé saka téla. Rasané uga bisa werna-werna. Ana sing rasa kèju, coklat, vanila, stroberi. Saliyané iki ana uga gethuk lapis, tegesé gethuk kang rasané werna-werna lan didadèkaké siji. Umpamané gethuk lapis rasa coklat, vanila lan strobèri.
Gethuk biasané disajèkaké kanggo cemilan karo ngombé tèh. Salah sijining variasi gethuk iku carané karo digorèng. Uga ana kang luwih seneng mangan gethuk kang dienggo pacitan menawa lagi ana tamu.

Gudheg kuwi dhaharan khas saking provinsi Yogyakarta lan Jawa Tengah, kang digawe saking gori (nangka kang esih enom), dikekep nganggo ron jati lan digodhog nganggo uyah, moto, kluwek lan bumbu liya-liyane. Werna coklat kuwi diasilaken saka ron jati kang dimasak bareng karo gori. Gudheg di dhahar nganggo sekul lan di sajèkake nganggo duduh santen kenthel (arèh), ayam kampung, tigan, tahu lan sambel gorèng krècèk.
werna-werna varian gudheg kuwi:
  • Gudheg garing, gudheg kang disajèkake nganggo arèh (duduh santen) kenthel kang luwih kenthel tinimbang santen ing masakan padang.
    Gudheg garing
  • Gudheg teles, gudheg kang disajèkake nganggo arèh  (duduh santen) kang èncèr.
    Gudheg Teles
  • Gudheg Sala, gudheg kang arèh (duduh santen) warna pethak.
    Gudheg Sala

Rawon utawa sega rawon (amarga mangane nganggo sega) yaiku panganan sing arupa sup daging nganggo bumbu khas kluwek. Rawon, dikenal panganan khas Jawa Timur (kayata Surabaya), nanging uga dikenal dening masyarakat Jawa Tengah sebelah wetan (daerah Surakarta). 
Rawon

Bothok yaiku panganan kang digawé saka klapa enom kang diparut, banjur di bumboni karo lombok abang,kemiri, brambang,bawang, tumbar, uyah, kencur, godhong salam lan godhong jeruk kang diuleg ana ing cowèk karo di uleg-uleg. Banjur dibuntel karo godhong gedhang kang dibitinggi karo sada, lan di kukus ana ing pawon nganggo dandang. Bothok bisa uga digado utawa dipangan karo sega lan jangan (sayur).
Bothok


Diberdayakan oleh Blogger.