Swara jago kluruk dadi panggugahe aku
saben esuk, aku banjur langsung kaget mendhosol menyat saka ranjang paturonku
kanggo adus lan ngleksanakake sholat subuh. Snajan mripat esih kiyer-kiyer
merga esih ngantuk, nanging dak peksa melek kanggo ngelksanakake kwajibane kuwi.
Sakwise rampung adus lan Sholat Subuh, sakdurunge aku mangkat kerja, dak sempetke
resik-resik kamar, sakwise dak kira wis lumayan resik, aku banjur metu kos kanggo
nggolet sarapan neng warung. Merga wegah yen ketinggalan bis, sarapanku sing
dak tuku, dibungkus tur dak diwadahi ing tas kang aku gawa kanggo kerja.
Aku banjur mlayu-mlayu nuju dalan gedhe
kanggo nunggu bis. Sakwise wis numpak bis atiku krasa lega banget, kari nunggu
tekan kantor panggonanku kerja. Aku kuwi kerja ing salah sawijine kantor ing
kutha dadi staf bagian administrasi, merga kuwi aku mangkate ora enthuk telat,
kudu tepat waktu. Kahanan kaya mangkono kang marakake saben esuk aku kerep
tekan kantor telat, merga aku numpak bis kang senenge kerep ngetem golet
penumpang, tur supir yen nyetire uga alon tenan, nanging piye maneh, ora ana
pilihan liyane, kuwi kabeh dak lakoni kanthi sabar merga ora dhuwe kendaraan
dhewe. Padahal sakjane ana kancaku kang jenenge Yudhi, dheweke mesakke marang
aku,tur nawani yen gelem ngater jemput
kerjaku saben dinane, nanging aku nolak mergane pekewuh, pekewuh karo Yudhi uga
karo tangga teparo.
Dina iki aku tekan kantor ora telat,
lagi begjaku. Kanthi ambegan kang ngos-ngosan merga mlayu-mlayu, Langkah iki
langsung tumuju menyang ruang kerjaku.
Saknalika kuwi langsung di adepi kaliyan pegaweyan-pegaweyan kang kudu dak
rampungke dina iki, merga wetengku wis ngelih banget, dak sarapan sedhela
bungkusan sing dak gawa saka kos lagi mau. Karo sarapan bathinku gumrendheng,
yen saben dinane aku kudu ngene iki, kudu mlayu-mlayu tur atiku tansah
gumrungsung saben dinane merga wedhi yen tekan kantor telat, bathin iki ora
saguh, apa iya dak metu saka pegaweyan
iki banjur golet pegaweyan kang cedhak karo kos.ku. sakejap ndlongopku ilang
merga kancaku kang jenenge Sinta teka ngageti aku. “Esuk-esuk kok wis ndlongop
to?, rejekimu ko ditotol karo manuk hlo.” kanthi nglanjutke bungkusan
pangananku, aku mung mesem-mesem krungu pangandhikane kancane kuwi.
Sinta kuwi kanca raketku ing kantor,
dheweke ya wis ngerti karo kahanan kang di adepi dening aku, kerep ijol crita
bab perkara pegaweyan tur urip kang dilakoni saben ijen. Sinta ya padha
kayadene aku, kudu mangkat kerja numpak kendaraan umum, mung bedhane dheweke
panggonan kos.e ora pati adoh saka kantor.
Sakwise pegaweyan ing kantor wis
rampung, tur wis wayahe balik. Aku lan Sinta balik bareng, nanging meh
mlaku-mlaku sik menyang pasar kang papan panggonane ora pati adoh saka kantor.
Sakwise tekan pasar, aku lan Sinta krasa ngelih banjur mampir mbakso ing salah
sawijine wong kang dodolan. Nalikane
lagi padha mangan, mripatku tumuju ing salah siji papan panggonan kang ana papan tulisane dodolan motor bekas.
Sakwise rampung mangan bakso, aku ngejak Sinta mampir ing panggonan kang di
sawang miki. Sakwise tekan papan panggonan kuwi, aku langsung nyawang-nyawang
motor-motor kang padha jejeran, sakwise takon pirang-pirang bab regane
motor-motor kuwi, regan motor kang paling murah kuwi motor vespa kang wernane
biru tuwa. Kanthi mesem-mesem aku njanjeni ko sesuk-sesuk bakal mampir neh
menyang papan panggonan dodolan motor bekas kuwi.
Sakdawane dalan meh balik, Sinta dak jak
rembugan bab tetuku motor kuwi, sakjane aku pengen tuku motor kuwi, snajan mung
motor vespa, penting kena kanggo mangkat kerjaku saben dinane. Nanging dhuwitku
saiki mung gari sapira, iki meh dienggo kanggo mbayar tagihan kos kang urung
dak lunasi, meh nunggu gajian saka pegaweyane ing kantor mesthi nunggu awal
wulan. Kanthi judrege, tur memelase, Sinta nawani aku yen dheweke bisa mbiyantu
aku, aku ditawani kerja dadi pelayan kafe ing sandhinge kos.e Sinta, ing kafe
kono lagi mbutuhake pegawe anyar, gajiane uga lumayan, kerjane saben wengi
wiwit jam 18.00 tekan jam 23.00 bengi. Sinta uga nawani aku nginep ing kose
dheweke yen aku gelem kerja ing kafe kuwi. Kanthi mikir-mikir ndisik, aku ngiyani
tawaran kuwi, itung-itung gajiane mengko kena kanggo tambahan dienggo tuku
motor bekas kepenginane.
Wis meh rongwulan gaweyan kuwi wis
dilakoni, esuk tekan sore mangkat gaweyane ing kantor tur bengine lanjut gegawe
ing kafe dadi pelayan,
tur saksuwene kuwi aku uga nginep ing
kose Sinta, sakjane pekewuh, nanging piye maneh wis kahanane kaya mangkene.
Sinta uga wis mangerteni kahanan kuwi. Kesel, awakku kang bobrok, gudreg wis
dadi pakulinanku.
Dina iki, sakwise mangkat kerja, aku meh
mampir ng papan panggonan kang ndhek kae dodolan motor bekas, karepku kanggo
tuku motor kanga wit ndhek kae wis dak arepake. Pikirku dhuwit kang dak
kumpulake wis nyukup kanggo tuku motor bekas kuwi. Nanging, sakwise tekan papan
panggonan kuwi ,tur wis nyang-nyangan regan motore jebul dhuwitku kurang.
Kepekasa aku kudu mlayu-mlayu ing pasar golet bakulan kang gelem nuku emasku
iki, sakwise ketemu bakul emas kuwi, cincin lan kalung kang dak enggo kepeksa
dak edol ng bakul kuwi kanggo nambahi dhuwitku kang esih kurang kuwi kanggo nambahi tuku motor bekas.
Sidane olehku tuku motor Vespa bekas
warna biru tuwa, snajan namung vespa orapapa penting bisa kena kanggoku mangkat
kerja. Sakwise kuwi, banjur aku mampir ing kos.e Sinta kanggo nuduhake motor
kang wis dak tuku iki, nalikane ketemu Sinta aku langsung ngrangkul kanthi
mrebes mili saking bungahing ati. Semono uga Sinta ya melu-melu nangis merga
melu bungahe yen kancane wis bisa mbuktikake kekarepane dadi kasunyatan. Wiwit
dina iki saben esuk aku mangkat kerja ora usah kesusu maneh kudu nunggu bis
maneh, wiwit dina iki uga saben esuk aku lan Sinta mangkat kerja bareng,
boncengan nganggo motor Vespa bekasku.
Kamar kos,
20 Nov 2015
0 Comments