Lapuran Kasil Pengamatan Kabudayan ing Tradhisi Dandangan Kudus lan Dugderan Semarang


Lapuran Kasil Pengamatan
Kabudayan ing Tradhisi Dandangan Kudus lan Dugderan Semarang

Sabtu 13 Juni 2015­­­-,  Nalika yen arep kapethuk wulan Ramadhan utawi wulan pasa, para umat muslim mesthi bakal nyambut wulan kuwi kanthi rasa bungah tur seneng. Amarga ing wulan kuwi bakal ana babagan kang istimewa tur babagan kang endah, kang ora ana ing wulan liya-liyane. Biyasane ing pengetan kuwi, ana pirang-pirang acara kanggo nyambut wulan pasa Ramadhan utawi wulan kang istimewa kuwi, ana acara pengajian bareng, arak-arakan, nyadran, upacara penyambutan lan liya-liyane.
Umpamane ana ing salah sawijining kutha ing Jawa tengah yakuwi Kutha Kudus lan Semarang. Kutha kuwi ana salah sawijining adicara pengetan taunan kang wajib di laksanaake kangge mertandhani yen wulan pasa Ramadhan kuwi sadela maneh arep kapethuk lan arep di lakoni ing kabeh umat muslim kanggo pasa sawulan. Adicara pengetan kuwi ing Kudus jenenge tradhisi Dandangan lan ing Kutha Semarang jenenge tradhisi Dugderan.
Tradhisi Dandangan kuwi tradhisi kang ana ing Kutha Kudus, tradhisi kuwi kawiwitan awit jaman miyen ing masarakat Kudus. Wektu kuwi kabeh masarakat Kudus kumpul ing ngarep Masjid Menara Kudus, kanggo nunggu tekane pengumuman awal pasa Ramadhan saking Sunan Kudus. Nalikane Sunan Kudus nabuh bedug ing masjid Menara kudus lan munine ‘dang-dang-dang’, awit saking swara ‘dang-dang’ kuwi istilah Dandangan lair lan tetep sumebar tekan saiki. Jaman saiki tradhisi Dandangan kuwi saiki wis dadi tradhisi taunan kang ora namung masarakat muslim kang mengeti adicara kuwi, nanging masarakat non-muslim uga antusias ing adicara Tradhisi Dandangan kuwi.
Papan panggonan adicara kuwi pusate ana ing jalan Menara kudus tekan alun-alun Simpang Tujuh lan pasar Jember. Pemerintah daerah Kudus rutin nganaake kirab dudaya kanggo mertandhani dibuka adicara tradhisi Dandangan kuwi, lan Tradhisi Dandangan kuwi wis dadi salah sawijine hajat  Pemerintah Daerah Kudus, sebab adicara kuwi didadeake momentum kang tepat kanggo nyatuake kabeh masarakat kudus tanpa mbedaake agama, budhaya lan status sosiale.
Tradhisi Dandangan kuwi  di laksanaake awit 3 minggu sadurunge pasa, lan kawiwitan awit wayah esuk tekan wayah bengi, nanging biyasane rame lan akeh pengunjunge nalika wayah jam 19.00 Wib tekan jam 24.00 Wib.  Adicara Tradhisi Dandangan kuwi adicara kang gedhe tur meriah, sebab kabeh masarakat ing Kudus padha melu guyub rukun lan nyengkuyung adicara Dandangan kuwi.
Dandangan kuwi uga didadekake rejeki lan keberkahan kanggo masarakat ing Kudus lan sekitare, sebab sadawane dalan ing Kudus awit saking dalan komplek Menara kudus, makam Sunan Kudus tekan alun-alun Simpang Tujuh lan pasar Jember. Papan panggonan kuwi kebak lan akeh dagangan kang diedolke dening para masarakat, dagangan kuwi arupa daharan, sandangan, dolanan bocah cilik, aksesoris lan liya-liyane. Para pengunjung adicara Dandangan kuwi masarakat Kudus, Demak, Jepara, Pati, Grobogan lan sekitare, awit bocah alit, dewasa tekan tiyang sepuh.
Saliane tradhisi Dandangan ing kutha Kudus, ana maneh tradhisi ing kutha Semarang yakuwi jenenge Tradhisi Dugderan. Dugderan iki dilaksanaake saben taun kanggo mengeti tekane wulan pasa (wulan Ramadhan), Tradhisi Dugderan kuwi salah sawijine warisan sejarah lan budhaya ing masarakat Semarang, lan tradhisi kuwi wis kalampahan awit jaman pemerintahan Bupati Kyai Raden Mas Tumenggung Purbaningrat.
Wektu sadina meh pasa ing wulan Ramadhan, Bedug ing Masjid Besar Kauman ditabuh lan disusul nabuh meriam. Bedug kang ditabuh swarane “dug” lan meriam kang ditabuh swarane “der”, swara kuwi ditabuh ora namung sepisan, nanging ditabuh ping pirang-pirang, sebab kuwi tradhisi kuwi dijenengi Dugderan. Salah sawijine rangkaikan adicara Dugderan kuwi dijenengi Pasar Dugderan, pasar kuwi dilaksanaake suwene sawulan , awit wayah awan tekan wayah bengi, nanging rame pengunjunge wektu wayah bengi, para pengunjunge biyasane saka masarakat Semarang sekitare, lan uga pengunjung saka kutha liyane, kang arep nonton Adicara Tradhisi Dandangan kuwi lan arep ngrameake adicara kuwi.  Adicara Pasar Dugderan kuwi panggonane ing Pasar Johar, Masjid Besar Kauman lan sekitare. Sadawane dalan kuwi, akeh warga kang mbuka lapak-lapak dagangane kang awujud dagangan cinderamata, dolanan bocah, sandangan, lan liya-liyane. 
Sakwise dilaksanaake  Pasar  Dugderan kang suwene sawulan, dilanjutake pesta rakyat kang isine pagelaran tari-tarian tradisional. Lomba-lomba tradisional, lan liya- liyane, proses ritual pengumuman awal pasa wulan Ramadhan kang dilaksanaake ing Masjid besar Kauman lan Kirab dugderan kang dadi puncak ing adicara tradhisi Dugderan kuwi.
Nalikane dilaksanaake kirab  Dugderan, kang paling nonjol kuwi anane Warak Ngendok, warak Ngendog kuwi didadeake simbol lan maskot ing ritual lan kirab Dugderan kuwi. Warak Ngendog kuwi awake awujud naga kang merlambangake Cina, burok kang merlambangake Arab, lan wedhus kang merlambangake Jawa, lan ndadeake warak ngendog kuwi lambang kanggo nyatuake kabeh ethnis ing Semarang. Warak ngendog kuwi wujude endhas lan gulune kang warnane abang, kang duweni teges kewan kang rakus lan brengangas, didadeake simbol nepsu para menungsa, sebab kuwi warak Ngendog esih ana lan sansaya sumrambah tekan saiki. Kabeh masarakat Semarang lan sekitare padha antusias ngrameake Kirab Dugderan kuwi, kirab kuwi dilaksanaake keliling lan arak-arakan ing sadawane dalan pemuda, tekan Pasar Johar. Kang meluni kirab kuwi para warga masarakat Semarang lan para masarakat ing luar kutha Semarang.
Inti lan tujuan saking Tradhisi Dandangan lan Tradhisi dugderan kuwi sebenere kanggo masarakat muslim yakuwi kanggo mangerteni, ngingetaken para masarakat supados nyiapaken awak, lair lan bathin kanggo nglaksanaake kabeh ibadah ing wulan pasa Ramadhan kuwi, kanggo ngraketake hubungan kabeh masarakat muslim  karo masarakat non-muslim.
Tradhisi Dandangan lan Dugderan kuwi kalebu warisan budhaya saka para leluhur. tradhisi uga kudu dilaksanaake terus saben taun, lan para masarakat uga kudu bareng-bareng nguri-uri tradhisi kuwi,  ora namung nguri-uri tok, nanging uga kudu mangerteni substansi  saking Tradhisi Dandangan lan Tradhisi Dugderan kuwi, sebab yen dudu masarakate dhewe kang nguri-uri, sapa maneh. Njuh bareng-bareng nguri-uri warisan budhaya lan tradhisi masarakat Jawa, lan kanggo bangsa Indonesia.

avatar
AUTOR: FIAN MT
I'm just a beginner blogger who tried to learn things related to coding which always appears in front of the eye

0 Comments

Diberdayakan oleh Blogger.