Tembung saroja
Saroja
ateges: 1. Rangkep. 2. Kembang tunjung,
kembang Padma, trate, kumuda, pakadja
Tembung
saroja ateges tembung rangkep, maksude tembung loro kang padha bae tegese utawa
meh padha tegese dianggo bebarengan
Panunggalane
tembung saroja, kayata :
1. Tumpang-tindih
2. Gagah-prakosa
3. Tata-krama
4. Arum-wangi
5. Mukti-wibawa
6. Adi-luhung
7. Akal-budi
8. Rahayu-slamet
9. Sato-kewan
10. Tapak
tilas, lan sapanunggalane.
Materi
“Tembung saroja” kuwi saged lan cocok kangge pamulangan ing siswa SMP, amarga
materi kuwi salah sijine hasil karya sastra tenmbung kang diduweni dening wong
jawa, didadeke kangge sarana njaga lan nguri-nguri kelestarian basa jawa kang
akeh banget lan unik. Lan siswa kudu tenanan paham lan mangerteni materi iki,
supados para siswa saged berfikir kreatif lan maringi contoh liyane kang
berhubungan karo tembung saroja ing kagiyatan saben dinane.
Rura-basa
Tembung
rura-basa ateges tembung kang rusak, kang wis luput kalantur-lantur, nganti ora
kena dibenerake maneh. Ora kena, jalaran pancen wis ora lumrah dibenerake. Yen
meksa dibenerake ,malah banjur dadi basa kang ora lumrah, basa sing ora kaprah
kanggo, senajan bener, yen ora kaprah, dadi dianggep salah.
Tuladhane:
1. Nguleg
sambel. Benere kuwi sing di uleg Lombok, uyah, trasi, lan sapanunggalane
bahan-bahan diuleg supaya dadi sambel.
2. Adang
sega. Benere kuwi sing di adang beras, supaya dadi sega.
3. Nulis
layang. Benere kuwi nulis dluwang utawa kertas, supaya dadi layang.
4. Menek
krambil. Benere kuwi menek wit krambil, yaiku glugu.
5. Mbunteli
tempe. Benere kuwi mbunteli kedele kang wis digodog lan dimomori ragi, supaya
dadi tempe.
Materi
“Rura-basa” kuwi saged lan cocok kangge pamulangan ing siswa SMP lan SMA/SMK,
amarga materi kuwi salah sijine hasil karya sastra tembung kang diduweni dening
wong jawa, didadeke kangge sarana njaga lan nguri-nguri kelestarian basa jawa
kang akeh banget lan unik. Lan siswa kudu tenanan paham lan mangerteni materi
iki, supados para siswa saged berfikir kreatif lan maringi contoh liyane kang
berhubungan karo tembung rura-basa ing kagiyatan saben dinane ing masarakat.
Tembung entar
Tembung
entar tegese tembung silihan. Tembung sing ora kene di tegesi mung sawantahe
bae.
Contone
tembung entar, kayata :
1. Jembar
sagarane :sugih
pangapura
2. Udan
tangis :akeh
wong-wong kang padha nangis
3. Lunyu
ilate :guneme
mencla-mencle,ora kena dipercaya
4. Ngangsu
kawruh :maguru
5. Lobok
atine :sabar,
ora gampang muring
6. Tipis lambene :seneng memisuh
7. Ora katon dadane :ora
wani adu-arep
Materi
“tembung entar” kuwi saged lan cocok kangge pamulangan ing siswa SMP, amarga
materi kuwi salah sijine hasil karya sastra tenmbung kang diduweni dening wong
jawa, didadeke kangge sarana njaga lan nguri-nguri kelestarian basa jawa kang
akeh banget lan unik. Lan siswa kudu tenanan paham lan mangerteni materi iki,
supados para siswa saged berfikir kreatif lan maringi contoh liyane kang
berhubungan karo tembung entar ing kagiyatan saben dinane.
Paribasan
Paribasan,
bebasan lan saloka satemene kuwi mlebu ing golongane tembung entar, sebab
telu-telune padha , ora kena mung ditegesi ing sawatahe bae, kabeh pada mawa
surasa kang ora mung salugune bae.
Paribasan
ateges unen-unen kang ajeg panggonane. Ora ngemu surasa pepindan.
Contone:
1.Ana
catur mungkur, tegese ora gelem ngrungokake rerasane wong liya kang ora apik,
2.Nambung
laku, utawa tambuh laku, tegese apen-apen ora ngerti.
3.Ditulung
malah mentung, tegese wis di tulungi, nanging banjure malah gawe rekasane wong
sing nulungi.
4.Ketula-tula
ketali, tegese tansah ngalami (nandang) ora kepenak, kerep nemu reribed.
5.Tunggal
welad, tegese tunggal bapa-biyung.
Materi
“Paribasan” kuwi saged lan cocok kangge pamulangan ing siswa SMP lan SMA/SMK,
amarga materi kuwi saged didadeke kangge sarana supados para siswa kedah
berpikir kreatif gawe conto karya sastra
babagan paribasan. Lan saged nerapaken ing kagiyatan saben dinane.
Bebasan
Bebasan
kuwi unen-unen kang ajeg panggonane, mawa teges entar, ngemu surasa pepindan,
lan sing di pepindakake kaanane utawa sipate wong.
Contone:
1. Nabok
nyilih tangan. Namakake panggawe kang ala sarana kongkonan.
2. Lahang
karoban manis. Wong kang rupane bagus (tumrap wadon kang rupane ayu) tur luhur
ing budi (becik wewatakane).
3. Glundung
semprong. Wong wadon kang nalika wiwit
urip bebrayan karo wong lanang, ora nggegawa apa-apa.
4. Adol
lenga kari busik. Dumdum, nanging awake dewek ora kepanduman.
Materi
“Bebasan” kuwi saged lan cocok kangge pamulangan ing siswa SMP lan SMA/SMK,
amarga materi kuwi saged didadeke kangge sarana supados para siswa kedah
berpikir kreatif gawe conto karya sastra
babagan Bebasan. Lan saged nerapaken ing kagiyatan saben dinane.
Saloka
Saloka
kuwi unen-unen kang ora kena owah, ora kena diganti, kudu ajeg panggonane,
sarta mawa surasa pepindan, lan sing dipepindanake kuwi “wonge”.
Contone
:
1.Kebo
nusu gudel. Wong tuwa jaluk wuruk marang wong kang kaprenah nom.
2.Batok
bolu isi madu. Wong asor, nanging sugih kaluwihan (pinter).
3.Macan
guguh. Wong gede, senajan wis ilang panguwasane, meksa isih katon medeni.
4.Iwak
kang kalebu ing wuwu. Wong kang kena ing apus kanthi gampang.
5.Asu
gede menang kerahe. Wong kuwasa (gedhe pangkate).
Materi
“Saloka” kuwi saged lan cocok kangge pamulangan ing siswa SMP lan SMA/SMK,
amarga materi kuwi saged didadeke kangge sarana supados para siswa kedah
berpikir kreatif gawe conto karya sastra
babagan saloka. Lan saged nerapaken ing kagiyatan saben dinane.
Cangkriman
Cangkriman
iku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang maksude.
Cangkriman
iku kaperang dadi papat, yaiku:
1. Cangkriman
kang awujud tembung wancahan.
Contone:
-Pak
bo letus.Tepak kebo (ana) lelene satus
-Burnas
kopen. Bubur panas kokopen.
2. Cangkriman
kang awujud pepindan utawa irib-iribing barang.
Contone:
-pitik walik saba kebon :nanas
-Embokne
dielus-elus-
Anake diidak-idak :anda
3. Cangkriman
kang ngemu surasa blenderan.
Contone:
-Ah saru banget, wong adol mbako kok diambungi.
sing diambungi kuwi mbakone dudu sing dodol
tembako.
- apa memper ta? Wong adol krambil kok dikepruk
Sing di kepruki kuwi krambile.
4.Cangkriman
liya-liyane, utawa cangkriman karangane para pujangga.
Materi
“cangkriman” kuwi saged lan cocok kangge pamulangan ing siswa SMA/SMK, amarga
materi kuwi saged didadeke kangge sarana supados para siswa kedah berpikir kreatif gawe conto karya sastra babagan
cangkriman. Lan saged nerapaken ing kagiyatan saben dinane.
Purwakanti
Purwa:
wiwitan
Kanti:
gandeng, kanca, nganggo, migunakake.
Purwakanti
ateges nggandeng kang wis kasebut ana in wiwitan, maksude kuwi perangan sing
ana ing mburi nggandeng perangan sing ana ing wiwitan, utawa kang wis kasebut
ana ing perangan ngarep.
Purwakanti
kuwi ana werna telu, yaiku:
1. Purwakanti
Guru-swara
2. Purwakanti
Guru-sastra
3. Purwakanti
lumaksita (purwakanti basa)
Materi
“Purwakanti” kuwi saged lan cocok kangge pamulangan ing siswa SMA/SMK, amarga
materi kuwi saged didadeke kangge sarana supados para siswa kedah berpikir kreatif gawe conto karya sastra babagan
purwakanti. Lan saged nerapaken ing kagiyatan saben dinane,
0 Comments