Tembung kalih asale
saka basa ngoko loro. Tembung andhahan liyane kang kramane nganggo “LIH”
nduweni teges “loro”. Tuladha :
loro = kalih
karo = kalih
kekaro (ne) = kekalih
sakloron = kekalih.
Tembung-tembung mau
nduweni teges loro. Dene tembung kang wanda wekasan “RO” ora dikramakake “LIH”
Tuladha :
Jenang-BARO-BARO :
jenang putih njur diwenehi abang nganggo gula klapa. Sanajan nduweni teges loro
nanging ora dikramakake jenang BALIH-BALIH.
BARO : abang loro
putih loro (istilah keplek) uga ora dikramakake BALIH.
JERO : lebet
GERO = nangis
bengok-bengok (seru).
JARO = cagaking pager
pring.
Tembung-tembung mau
ora dikramakake nganggo “LIH”.
Banjur tembung wod
(akar kata ) RO mau yen dikramakake LIH andhahane kepriye ?
kalih + an >
kaliyan apa kalihan ?
se + kalih +an >
sekaliyan apa sekalihan ?
Jalaran asale saka (wanda)
tembung LIH becike KALIHAN lan SEKALIHAN.
Tuladha panganggone :
1. Ujungsabata tumamèng
kapatihan | watara têngah wêngi | Ki Apatih Wahan | apan dèrèng anendra |
AKALIHAN lan kang rabi | Ki Arya Wahan | angling marang kang rayi ||
2. Sigra ingêmban tumuli |
anulya binêkta minggah | dhatêng titihan garêbong | sang nata nitih KALIHAN |
sigra umangkat sira | kôndur dhatêng Majalangu | kang wadyabala sumahab
||(babad Tanah Jawi)
3. Sampuning tabe kula
saudara Tuwan Juru Basa Wintêr.
Wiyose panjênêngan
kula maringake layang sing dijarwani abdi kula bocah kaliwon ing kadipatèn, Si
Ngabèi Rônggawarsita, ing sanikine êmpun dadi, asarêng kalihan sêrat punika,
KALIHAN malih saudara, panjênêngan kula dangu kalih saudara, saudara punapa pun
olèh malih layang caritane Prabu Bonangparte ing Prangkrih, panjênêngan kula
mundhut pêkabaran.
Ing kraton Surakarta
ping 6 Pasa Alip ôngka 1771.( Kangjeng Susuhunan kepada Winter, 30 September
1843. Arsip dan Sejarah | Surakarta #678.)
Nanging perlu
dimangerteni, ing bausastra Poerwadarminta , kaca 182
kalih (k):
1. loro; 2 (pac) : karo, lan
kalihan (k) (ak)
: karo, lan; kac : kaliyan.
kaliyan (k) : karo,
lan ; apa iku dianggep tembung anyar kang ora magepokan karo teges
loro utawa dianggep aksara mandaswara ?
Sumangga.
0 Comments