Internet, piranti sing paling mutakhir kanggo sesambungan lan srawung antarane
papan panggonan siji lan liyane, antarane pawongan siji lan liyane. Saliyane
gampang anggone nganggo, uga kalebu piranti sing murah. Jalaran saka gampange,
ora aneh yen sing nganggo internet iku wiwit para ilmuwan nganti bocah sing
isih sekolah dasar, wiwit wong tuwa nganti bocah-bocah cilik. Mula jaman saiki
yen ana wong nganti ora bisa, ngerti, nganggo internet kalebu manungsa jadul
(jaman dulu), ora ngerti ombyaking jaman. Mung wae, ngendikane para winasis
internet iku ibarate pedhang sing lelandhepe kanan lan kering. Bisa digunakake
kanggo kabecikan, uga bisa digunakake kanggo kadurakan. Sing kepingin mlebu
menyang suwarga ana dalane ing internet, lan sing kepingin mlebu neraka uga ana
dalane saka internet. Watese antarane suwarga lan neraka iku mung “Klik”.
Salah sijine sarana sesambungan antarane sing kondhang ing internet yaiku facebook lan twitter. Bocah-bocah lulusan Sekolah Dasar saiki akeh yen ora kena
diarani meh kabeh, wis duwe akun ing facebook utamane ing kutha-kutha sing ana
jaringane internet. Lho kok bisa ? Syarat-syarate nggawe e-mail rak kudu sing
diwasa? Pancen syarate kaya mangkono, nanging sapa bisa ngawasi nalika si bocah
ndhaftarake menyang facebook apa twitter yen bocah mau wis tenan-tenan diwasa
? Apa ora bisa dipalsu ?
Facebook, kanggone para murid ana manfaate lan ana uga mudarate. Mufangate wis
cetha. Bocah bisa srawung karo kanca-kancane, bisa sinau lan nggladhi medharake
pikirane, gagasane liwat tulisan, lan isih akeh akeh manfaat liyane.
Mudarate :
Nomer siji bocah bisa nyandu. Ora gelem ngalih utawa lunga saka warnet. Yen
bapak ibune duwe komputer sing nyambung internet bisa ngawasi putra-putrane.
Yen ana warnet sapa sing ngawasi ?
Nomer loro : Lumrahe akun ing facebook nganggo jeneng sing aneh-aneh utawa
jeneng singlon (samaran). Mula rada angel anggone nitik sapa satemene sing
nggawe akun mau. Rumangsa ora bakal konangan, bocah mau banjur ngolok-olok
kancane, wong tuwane kancane, gurune nganggo tembung sing lekoh-lekoh sing ora
pantes dirungu dening bocah sekolah. Korban wis ana. Ing kutha Probolinggo,
Jawa Timur , ana bocah sekolah sing ditokake krana nulis ing facebook kanthi
alesan “mengeluhkan keamanan sekolah” . Penulis ora yakin sing diomongake “mung
keamanan sekolah”. Penulis ndhukung apa sing ditindakake guru mau.
Nomer telu : tata tulis ing facebook ;lumrahe dicekak-cekak, campur bawur
antarane aksara gedhe lan cilik. Kamangka ing soal-soal ujian ngenani ejaan uga
ditokake. Malah –malah ana uga pak guru lan bu guru sing nulis ing face book
ejaane ora bener. Yen gurune wae tulisane ora bener, apa maneh muride. Mula
guru sangsaya angel lan sangsaya abot anggone mulang.
Udhu rembug : 1. Wong tuwa kudu bisa ngawasi tingkah lakune putrane ana warnet
utawa lagi internetan. 2. Murid dingertekake sopan santun lan tata kramane
srawung antarane kanca, guru lan wong tuwa. 3. Ora perlu “konfirmasi” jenenge
wong sing ngajak kekancan sing nggladrah, sing dudu jeneng sabenere. 4. Khusus
kanggo pak lan bu guru : panjenengan awasi facebook murid panjenengan, aja-aja
panjenengan uga korban .
0 Comments