Namung Ninggal Janji (Gladhen Cerkak)


Namung Ninggal Janji

Wayah esuk iki Sandi wis teka ing omahku, nemoni aku tur njagong jejeran karo aku sinambi nyawang aku, aku sansaya dadi pekewuh tur isin. Aku jane ya mangerteni, yen aku tresna marang Sandi, ora pengen kelangan lan kapedhotan katresnan karo Sandi, mergane kuwi snajan aku kerep digawe lelara, digawe nangis, tur aku uga kerep di selingkuhi, nanging aku gampang ngampurani kaluputan-kaluputan kang dilakoni dening Sandi, tur nglalekake kabeh kedadean kuwi.
“Aku wis ora ngerti kudu ngomong apa maneh, wis kerep awakmu nyelingkuhi aku karo wadonan liya, wis kerep gawe atiku lara,” omonganku sinambi neteske eluh ing mripatku, nalika kuwi uga Sandi langsung ngrangkul aku.
“aku njaluk ampurane bung, ampurane, aku janji ora bakal nglelara atimu maneh, aku ora bakal sesambungan karo wong wadon liya maneh saliyane awakmu. Aku janji bunga, aku tresna marang awakmu, wis ora usah nangis maneh bung,” celathune Sandi sinambi ngrangkul aku.
Kedadean wayah esuk kuwi, aku ya ngampurani Sandi maneh, tur saiki aku sinambungan katresnan maneh karo Sandi, wong kang aku tresnani.

Sakwise kedadean wayah esuk kuwi, wengi iki Sandi ngajak aku lunga, karepe meh mlaku-mlaku lan dinner bareng aku, jam pitu bengi Sandi wis ngampiri ing omahku, aku uga wis dandan sabisaku. Sekirane wis siyap kabeh, aku lan Sandi banjur pamit marang ibu yen meh lunga, sawise ibu wis ngijini banjur aku lan Sandi langsung budhal. “Dhewe sida meh dinner kan ?” celathuku.
“Iya toh sida, nanging wengi iki aku rak gawa motor, mergane motorku lagi disilih sadulur wadonku, lan motormu kan esih ng bengkel kan bung. Nek dhewe mlaku-mlaku wae piye bung?” wangsulane Sandi kanthi praupan memelas.
“Iya orapapa kok. Njuh ndang mlaku, kesusu kebengen,” wangsulanku maneh.
Kanthi semangat mlaku, Sandi langsung nggandheng tanganku tur aku uga kerep sendhean ing pundhake Sandi. Wengi iki aku bungah banget, kanthi nglalikake kabeh kaluputan kang Sandi lakokake marang aku. Sakdawane dalan aku lan Sandi crita pirang-pirang, kayadene crita babagan kuliyah, crita babagan kaluwargane aku lan Sandi, crita kanca-kanca lan liya-liyane. Dhewe uga tansah sinambungan yen crita, mergane wis padha ngertine. Rong taun sesambungan katresnan kang njalari kuwi kabeh. Snajan Sandi kerep nyelingkuhi lan gawe atiku lara, nanging ya pungkasane bakal bali maneh sinambungan karo aku. Aku wae kang gelem nrima kuwi kabeh, kanca-kancaku uga padha celathu yen aku kuwi cah wadon goblog, gelem di gegawe dolanan ngono kuwi, dilelara terus dening cah lanang, nanging pungkasane ya bakal bali maneh.  Aku namung mesem ngringokake celathune kanca-kancaku, ganeya esih ana wijil tresna marang Sandi, dadi ya aku nglakoni iki kabeh tur ngampurani kabeh kaluputane Sandi kang di lakokake marang aku , bathinku tansah grundhelan kaya mangkono.

Aku lan Sandi mandheg ing gubug warung pinggir dalan, panggonan iki dadya seksi, mergane aku lan Sandi kerep mampir ing warung iki, snajan namung mampir ngombe, nanging yen bebarengan wong loro tetep bungah, snajan namung ing panggonan kaya mangkene. Sakwise rampung mangan tur wayahe uga wis nambah wengi, dadi ora sida mlaku-mlaku maneh tekan alun-alun, lan sidane Sandi ngater aku bali ngomah.

Dina iki snajan aku ora ana jadwal kuliyah ing kampus, aku tetep mangkat kanggo nggarap tugas tekan sore. Nalikane lagi garap tugas, aku weruh Sandi lagi mlaku bebarengan karo cah wadon liya. Sanalika kuwi banjur aku langsung nututi ing mburine, kanggo masthekake cah wadon sapa kang lagi mlaku bebarengan karo Sandi. Cah wadon kuwi jebule kanca kerepku dhewe kang jenenge Vira. Atiku sanalika kaya ketiban watu kang abot banget, tur sanalika kuwi uga mripatku neteske eluh. Banjur aku langsung nelpon Sandi, meh masthekake yen Sandi bakal jujur apa ora marang aku. “Hallo, awakmu lagi neng ndi San ? bisa njemput aku apa ora ?” celathuku ngawali omongan neng telpon.
“ngapurane ya Bunga, aku ora bisa njemput awakmu. Iki aku lagi ngater mbakyu Dina blanja. Bunga ora gawa motor ta ?” wangsulane Sandi, sanalika kuwi aku langsung kaget, gumun marang wangsulane Sandi kuwi.
“Sandi, mbarang kapan awakmu meh ngater mbakyumu blanja? Mbarang si Vira dadi mbakyumu iya? Wis San, wis cukup kanggomu lelara atiku, wis cukup kanggomu nyelingkuhi aku, aku gethun marang awakmu San, dhewe saiki putus.” wangsulanku maneh, sanalika kuwi uga aku langsung mateni telponku banjur Hpku tak buang, saking mangkele ati iki, eluh iki nelesi pipiku ora ana mandhege, atiku dilelara maneh,

Snajan wingi ana kedadeyan kang marakake atiku lara, ndadekake aku tekan kabotan katresnan kaya ngene iki, aku tetep mangkat kuliyah. Sabisaku kudu kuat, aja tekan perkara ngene iki malah ngganggu kuliyahku.
Kuliyahku tetep lancar kaya adate saben dinane, nanging sabubare kuliyah, ujug-ujug Sandi wis ana neng sangarepku, dheweke tujune meh njaluk pangampura maneh. Dheweke meh njelaske yen kedadeyan wingi kuwi salah paham. “Aku emang pernah sinambungan katresanan karo Vira, tapi saiki wis ora Bung. Kedadeyan wingi kuwi, aku meh ngaterke bali Vira, merga Vira ora gawa motor. Wis namung kuwi tok Bung. Awakmu kudu percaya karo aku Bung.” Celathune Sandi, kanthi nututi lumakuku. Nanging aku tetepan ora njawab kabeh celathune Sandi kuwi.
“Bunga, aku njaluk pangampuramu bung, aku ngaku salah ws nggorohi awakmu yen aku wingi ngater mbakyuku, nanging pikirku kuwi kanggo kaapikan sinambungane dhewe Bung,” Celathune Sandi maneh.

Saking wis gethune marang polahe lan omongane Sandi, kanggoku mlaku sansaya banter, tekan dalan gedhe aku langsung nyebrang, aku ora merdhuli marang Sandi maneh kang nututi lumakuku. Sabanjure tekan sebrang dalan, keprungu swara tabrakan, sanalika kuwi aku banjur noleh. Kang tabrakan jebule Sandi, wong dak aku tresnani tekan saiki, snajan dheweke tansah gawe lelara ati. Sandi ninggal (ora bisa napas) sanalika kuwi. Getih ing sakujur awake Sandi ngalir deres kanthi nelesi aspal dalan, lan aku kudu nyekseni kuwi kabeh.
Saiki aku kudu nrima kasunyatan iki, kasunyatan kang ora dak aku kepengini, tur ora bakal dak lalekake. Wong kang aku tresnani ninggal ing sangarepku, ninggalake kabeh janji kang wis di ikrarke dening Sandi marang aku.

Green Black, Banaran
28 Nov 2015

avatar
AUTOR: FIAN MT
I'm just a beginner blogger who tried to learn things related to coding which always appears in front of the eye

0 Comments

Diberdayakan oleh Blogger.