1. Pangerten ngenani basa lan elmu basa
Basa menika ugi kasebut swara, swara ingkang dipunmangerteni wonten
ngriki inggih menika swara ingkang nggadahi teges kangge papan (alat)
komununikasi para manungsa ingkang diasilipun saking alat piranti para manungsa
ingkang nggadahi sifat arbitrer (mana suka). Basa menika antaranipun rupa
kaliyan maknanipun boten wonten sesambunganipun. Kangge mangetosi, sinau
kaliyan mangerteni pangangge tembung basa wonten ing tuladha menika:
1.1 manungsa kuwi nduweni basa, nanging
yen kewan ora.
1.2 Ngomonga nganggo basa kembang
1.3 Ani nyinauni babagan basa inggris,
nanging yen Siska nyinauni basa jepang.
Tembung basa ing tuladha (1) basa wonten menika merujuk basa
ingkang umum (langage). Tuladha (2) basa wonten menika merujuk menawi basa
menika pralambang. Tuladha (3) basa
wonten menika merujuk saking basa ingkang spesifik,
dadosipun miturut peristilahan ingkang di andharaken dening De Saussure
menika kasebat langue.
Elmu basa menika kasebat Linguistik, Linguistik menika kaasal
saking basa latin: lingua. Linguistik
modern kaasal saking sarjana Swiss ingkang jenengipun Ferdinand de Saussure.
Miturut Ferdinand de Saussure menika bentenaken menawi linguistik kabagen dados
tiga, inggih menika, langue, langage,
kaliyan parole. Miturut panemunipun
de Saussure,(1) langue menika nggadahi teges salah sawijining basa, umpaminipun
basa prancis, basa inggris, basa jerman, lan sanesipun, ingkang kalebet
sawijining sistem. Sanesipun inggih menika basa kalebu sifat khas manungsa, umpaminipun
wonten ing tuladha “Manungsa kuwi nduweni basa, nanging yen kewan ora duwe
basa”. (2) parole “tuturan” menika
basa ingkang dipun angge sakersanipun kanthi konkrit. Parole ugi
kalebu objek ingkang konkrit amargi parole
menika wujudipun ujaran nyata ingkang dipun angge dening masarakat basa.
(3) Langue menika objek ingkang
abstral amargi wujudipun sistem basa tertentu, nanging menawi langage menika objek ingkang paling
abstrak amargi kawujud sistem basa ingkang universal.
Objek linguistik
Ciri-ciri utawa sifat ingkang nyata saking basa inggih
menika:
1. Basa menika minangka sistem
Tembung sistem nggadahi
teges “cara” utawi “aturan”, inggih menika susunan ingkang teratur, ingkang
nggabungaken sedaya ingkang nggadahi makna utawi fungsi.
Nggadahi teges sistem,
basa menika ugi nggadahi sifat sistematis kaliyan sistemis. Sistematis ateges
basa menika disusun kanthi miturut pola, kaliyan boten kesusun kanthi acak.
Menawi sistemis inggih menika basa boten ateges sistem tunggal, nanging ugi
kasusun saking subsistem-subsistem utawi sistem pungkasan.
2. Basa menika minangka lambing
Lambing menika menawi
dipunkaji saking seluk-belukipun wonten ing kagiyatan ilmiah bidang elmu
semiotika utawi semiology menika elmu ingkang nyinaoni tandha-tandha ingkang
wonten gesang para manungsa, utaminipun basa. Wonten ing semiotic
dipunbentenaken dados pinten-pinten tandha, inggih menika tanda (sign), lambing
(symbol), sinyal (signal), gejala (symptom), gerak isyarat (gesture), kode,
indeks kaliyan ikon.
3. Basa menika minangka swara
Swara ingkang dimaksud
wonten ngriki inggih menika swara ingkang wonten sajroning basa, umpaminipun
swara-swara ingkang diasilipun saking alat piranti ucap manungsa.
4. Basa menika nggadahi makna
Lambang-lambang swara
basa ingkang nggadahi makna menika wonten saben ijen basa ingkang kawujud
morfem, tembung, frase, klausa, kaliyan wacana. Sedaya menika nggadahi makna,
amargi menika sedaya pangucapan ingkang boten nggadahi makna saged dipunsebat
sanes basa.
5. Basa menika arbitrer
Arbitrer menika saged
dipuntegesi saged obah-obah, boten netep, mana
suka, basa menika boten nggadahi sinambungan ingkang paten antaranipun
lambang basa (ingkang kawujud swara) kaliyan konsep ingkang dipuntegesi dening
lambang menika piyambak.
6. Basa menika konvensional
Penganggenan lambang basa
kangge sawijining konsep menika nggadahi sifat konvensional, ingkang nggadahi
teges sedaya anggota masarakatbasa menika sageg manut konvansi menawi lambang
menika dipunangge kangge makili konsep ingkang sampun dimakili.
7. Basa menika produktif
basa dipuntegesi
produktif inggih menika snajan unsur-unsur wonten basa menika boten katah,
nanging saking unsur-unsur menika saged dipundamel satuan-satuan basa ingkang
cacahipun boten wonten watesipun. Umpaminipun fonem-fonem wonten basa Indonesia
/a/,/i/,/k/,/t/. saking fonem-fonem menika saged ngasilaken satuan-satuan basa.
/i/,/k/,/a/,/t/ /k/,/i/,/t/,/a/
/k/,/a/,/i/,/t/ /k/,/i/,/a/,/t/
0 Comments