Selayang Pandang Babagan Kesenian Wayang Krucil (Wayang Klitik)
Gambar Wayang Krucil (Wayang Klitik) |
Wayang miturut basa jawa berarti “ayang-ayang” utawa bayangan, sebab kang di sawang nalikane pentas pagelaran wayang kuwi namung bayangan utawa ayang-ayang kang panggonane ing kelir kang di bentangaken. Bayangan wayang kuwi bisa disawang kanthi cetha merga disinari dening “Belencong” kang digantungake ing sandhuwure sirah sang Dalang. (Josowidagdo).
Jenis wayang
uga akeh macem bentuk lan jenise, ana wayang kulit utawa wis kulina disebut Wayang Purwa, Wayang Madya, Wayang Gedog, Wayang Krucil, Wayang Golek, Wayang
Suluh, Wayang Topeng, Wayang Orang, Wayang Beber, lan liya-liyane. Kabeh jenis
wayang kuwi nalikane pentas pagelaran umume isine pirang-pirang wejangan kang
ana sambung-sinambunge kaliyan sikap lan polah uripe manungsa lan akeh mufangat
kang terkandung ing njerone pagelaran pentas wayang kuwi.
Ana ing
kesempatan iki, panyerat ora meh
njlentrehake kanthi rinci saben ijen
jenis wayang kuwi, nanging namung meh njeltrehake salah sawijine jenis wayang
yakuwi Wayang Krucil.
Wayang
Krucil utawi saged disebat Wayang Klitik kuwi wayang kang asale gaweane saka
kayu Mentaos kang bentuke pipih lan digawe mirip boneka kang gedhene padha karo wayang kulit utawa wayang purwa.
Kayu Mentaos kuwi serate alus, saengga nalikane
digawe wayang kuwi kasile apik. Proses gawean wayang kuwi mula-mula kayu
dipotong lan digawe papan kang radi kandel, lajeng papan kayu kuwi digambar,
diukir lan diwerna nganggo cat sesuai tokoh kang meh di gawe.
Wayang
Krucil kuwi jumlahe namung 70 buah. Wayang krucil uga nduweni kaistimewaaan
disbanding karo wayang-wayang jenis liyane, umpamane ana ing wayang kulit (purwa), wayang kulit
siji makili siti tokoh utawa siji karakter lan duweni siji jeneng, nanging yen
ing wayang krucil iki siji wayang krucil bisa meranake pirang-pirang
tokoh-tokoh lan pirang-pirang karakter, nanging uga ningali jenis lakon kang
meh dimainke. Saking segi fisik wayang krucil kang nduwini ketebalan 2—3
centimeter, bentuke kuwi ngarah 3 dimensi. Kajaba kuwi ndadekake karakter tokoh-tokoh ana ing wayang
krucil kesane luwih nduweni nyawa tinimbang wayang kulit utawa wayang purwa.
Nalikane
nampilake pertunjukan kesenian wayang krucil iki dilakoni kanthi ngati-ati.
Umpamane nalikane nyritakake peperangan utawa pertempuran, saben wayang kang
tampil ing pertunjukan kuwi ora bisa
singgungan langsung, ing saben penampilan kesenian wayang krucil iki nggunakake
loro layar kang misahake antarane dalang
lan wayang kuwi.
Ing
pertunjukan kesenian wayang krucil iki ngangkat crita-crita sejarah bangsa
Indonesia, umpamane njupuk sumber crita rakyat babagan lakon pemberontakan
rakyat Indonesia nglawan Belanda. Umpamane kisah perlawanan Untung Suropati,
Pangeran Diponegoro, Trunojoyo. Crita-crita kisah walisongo lan pendirian
kerajaan Islam Demak kang ngamut aspek moral lan etika, Crita-crita kisah
wayang kang perane dadi media hiburan rakyat. Umpamane crita kang kaitan karo
raja Kediri, kayadene kisah lakon panji semirang asmara bangun, Candra Kirana,
Panji Asmaratanka, Candra Kirana Mbangun Jantur, sarta crita kisah wayang kang
digawe saka dalang kang hubungane kaliyan kahuripan masarakat kang disebat
lakon carangan.
Daftar Pustaka
Zoetmulder, P.J. 1985. Kalangwan: Sastra Jawa Kuno Selayang Pandang. Den
Haag: MartinusNijhoff.
Malang
Pos. 2015. “Artikel Tentang Tradisi Wayang Krucil di Lereng Gunung
Katu”,http://www.malang-post.com/features/100680-tradisi-wayang-krucil-peninggalan-majapahit-di-lereng-gunung-katu. (diunduh tanggal 20 Mei 2015).
Chrome,
Google. 2014. “Artikel Tentang Wayang Krucil”,
(diunduh tanggal 20 Mei 2015).
Gambar Pementasan Kesenian Wayang Krucil |
Gambar Dalang Ki Sudiono
sedang melakukan pementasan Wayang Krucil
|
0 Comments