Tradhisi Ritual Ruwat Bumi ing Daerah
Kabupaten Tegal
(Dhusun Guci, Kecamatan Bumijawa,
Kabupaten Tegal)
Nglakoni kahuripan ing alam donya iki
ana akeh aturan lan norma-norma kang tansah dipatuhi. Umpamane norma hukum kang
isine undang-undang babagan pendidikan, kasejahteraan, ekonomi, sosial budaya
lan kabeh aspek liyane, kang mesthine wae tansah sambung-sinambungan marang
kahuripane manungsa.
Tujuwan saking norma-norma kuwi yakuwi supados kahuripan para
manungsa bisa mlaku kanthi apik tur teratur. Aturan lan norma kang ana ing
masarakat kuwi dipengaruhi dening tradhisi kang ana lan sumambrahing masarakat
kuwi. Tradhisi kang didhuweni masarakat nduweni tujawan supaya gawe kahuripan
manungsa sugih babagan kabudayan lan nilai-nilan sejarah, saliyane kuwi tradhis
uga meh gawe kahuripan kang harmonis, nanging, kabeh babagan kuwi bisa kawujud
yen para manungsa ing palataran kuwi bisa nghargai, nghurmati sarta bisa
nglestarekake tradhisi kuwi kanthi aturan kang wis ana ing papan panggonan
kuwi.
Salah
sawijine tradhisi kang wis sumambrah ing tlatah Tegal, tepate ing Dhusun Guci,
Kecamatan Bumijawa, Tegal. Tradhisi kuwi masarakat ing wilayah kuwi biyasa
nyebute Ruwat Bumi. Acara tradhisi iki didadekake salah sawijine kang dadi
agenda wisata taunan ing daerah Tegal kuwi.
Tradhisi Ruwat kang uga disebut ruwat, ora kalebet tradhisi
kang syirik, nanging salah sawijine kegiyatan tradhisi ritual kanggo ngrawat
bumi, amarga ing Tegal nduweni kapercayan yen sambung sinambungan manungsa ora
namung marang Gusti Allah lan manungsa sanes, nanging uga marang bumi lan alam
kang ana ing sekitare. Tradhisi Ruwat bumi iki nduweni maksud kanggo bentuk
rasa syukur para masarakat marang kabeh nikmat kang Gusti Allah paring lan
didadekake sarana kanggo ndonga sesarengan supados diadohi saking kabeh
bencana.
Tradhisi ruwat bumi iki rutin digunakake dening warga
masarakat ,kerja sama kaliyan pengelola wisata pemandian air panas guci,
saengga acara tradhisi kuwi uga di promosikake kanggo agenda wisata taunan .
prosesi tradhisi ruwat bumi iki di isi
arak-arakan kang dilakokake dening masarakat sekitar, arak-arakan kang digawe gunungan
kasil bumi, nasi tumpengan, ondel-ondel, sarta ngadhusi wedhus kendit ing
pancuran 13, kang sadurunge wedhus kuwi dimelukake arak-arakan keliling dhusun.
Makna ngadhusi wedhus kendit iki yakuwi didadekake yen kahuripan lan siklus
manungsa tansah muter, lan didadekake simbol rasa tresna asih marang kewan kang
uga makhluk ciptaane Gusti Allah SWT. Prosesi ngadhusi wedhus kendit iki
dilakoni kanthi giliran dening para tokoh masarakat kang diewangi dening juru
kunci.
gambar: wedhus kendit |
Puncak acara tradhisi Ruwat Bumi iki diakhiri kanthi rebutan
gunungan kasil bumi dening atusan warga lan masarakat sekitar kang melu
nyengkuyung acara kuwi, masarakat nduweni kapercayan yen bisa enthuk salah
sijine bagean saking gunungan kuwi diyakini yen uripe bakal tansah nduweni
keberkahan, lajeng dilanjutake nganggo upacara adat lan pembacaan riwayat Guci
iki dilakokake nganggo basa jawa dialek Tegalan. Iki kang nggawe Ruwat Bumi ing
Tegal beda karo tradhisi ruwat kang ana ing daerah-daerah liyane.
0 Comments