Tataran Linguistik
(satuan-satuan bahasa)
1. Tataran linguistik Fonologi
1.1
fonem
Sumber artikel |
2. tataran linguistik Morfologi
1.1
Morfem
Basa nduweni bentuk kayadene tembung
kang bisa ditugel-tugel dadi bagean kang luwih cilik, kang bisa ditugel maneh
dadi bagean kang luwih cilik maneh kang yen ditugel maneh ora nduweni makna.
Misale tembung nduweni, bisa
ditugel-tugel dadi n-, duwe-, lan ni disebut morfem. Morfem kang bisa
madheg dhewe, misale duwe dijenengi
morfem bebas, nanging yen ws nempel karo bentuk liyane, misal n-,du-, we-,ni- dijenengi morfem
terikat.
1.2
Tembung
Watesan tembung kang umum dhewe
temoni ing pirang-pirang buku linguistik eropa yakuwi tembung kang sakjane
rupa, kang dileboni ing susunan fonologis kang stabil tur ora obah lan metu
mobilitase ing ukara. Watesan kuwi nyiratake loro bab, sepisan yakuwi njelasake yen saben tembung kuwi nduweni susunan
fonem kang urutane ora netep lan ora bisa obah, sarta ora bisa diselipi dening
fonem liyane. Umpamane tembung sisir kang
urutan foneme yakuwi /s/,/i/,/s/,/i/,/r/, urutan kuwi ora bisa diobah dadi
/r/,/i/,/s/,/s/,/i/. kapindho ,
saben tembung nduweni kebebasan kanggo pindah papn panggonan ing njrone ukara
utawa panggonan kang bisa di isi utawa di ganti dening tembung liyane.
3. Tataran Linguistik Sintaksis
3.1
frase
frase kuwi lazim di definisikake dadi
sawijine gramatikal kang wujude gabungan tembung kang sipate non predikatif,
iki ndadekake hubungan ing antarane loro unsur kang mbentuk frase kuwi ora
terstruktur subjek-predikat utawa terstruktur predikat-objek, umpamane
konstruksi ibu siram lan masak ing pawon kuwi dudu frase. Saking
definisi iki ketok tenan yen frase kuwi diarani gabungan tembung kang ngisi
salah sawijine fungsi sintaksis ing ukara. Sabab kuwi bisa
dikelompok-kelompokake tembung kang ana ing njrone kotak-kotak fungsi ing
ngisor iki dadi conto:
S
|
P
|
O
|
K
|
Adhikku
|
Lagi turu
|
Pulas tenan
|
Ing kasur
|
Adhik
|
Turu
|
pulas
|
kasur
|
Nb: conto kang kaserat warna abang
kuwi frase
conto kang kaserat warna ireng kuwi ukara.
3.2
klausa
kang diarani klausa kuwi sawijine
sintaksis kang awujud runtutan tembung-tembung berkonstruksi predikatif, artine
ing sakjrone kontruksi kuwi ana komponen kang awujud tembung utawa frase kang
fungsine dadi predikat, lan kang liyane dadi subjek, objek lan katrangan.
3.3
ukara
ukara yakuwi sawijine basa kang
paling cilik, awujud lisan lan tulisan kang ngungkapake gagasan utuh. Intonasi
yen ana ing seratan, ditandai nganggo tanda baca (.) titik, (,) koma, (?) tanda
pitakon, utawa ejaan kang ambigune gedhe (nduweni makna ganda). Intonasi yen
ana ing lisan luwih gampang dijlentrehake amarga intonasi kang diucapake jelas
lan tingkat ambigune cilik (nduweni makna ganda cilik).
3.4
Wacana
Wacana yakuwi sawijine basa kang
jangkep, saengga ing hieraki gramatikal kalebu sawijine gramatikal paling
ndhuwur lan gedhe. Dadi sawijine basa kang jangkep, mergane ing wacana kuwi ana
konsep gagasan, pikiran, ide kang utuh tur bisa di pahami deni para pemaos (ing
wacana serat) utawa pangrungu (ing wacana lisan) tanpa anane ragu-ragu.
4. Tataran linguistik semantik
Miturut
Ferdinand de Saussure , ngemukake teori yen saben tanda lingusitik kuwi
dibentuk dening rong komponen kang ora bisa dipisah, yakuwi komponen signifiant lan signifie.
Signifiant yakuwi citra swara utawa
kesan psikologi swara kang timbuling pikirane dhewe, nanging yen signifie
yakuwi pangerten utawa kesan makna kang ana ing pikirane dhewe.
0 Comments